Senin, 28 Juni 2010

puisi

Rindu.....

sunyi selalu mendesak-desak
ketika anak-anak ramai bermain bola
atau elang berayun di kaki langit

resah mencekam dan memagut dingin
ketika bintang-bintang mulai bergantungan
atau lolong anjing merobek malam
dan embun mulai merayap

bukan itu saja
tapi kini hatiku berdetak
dadaku sesak
ketika secuil senyummu membelenggu
atau mengoreskan mimpi
yang bertahun belum kualami

CERITA ANAK

Cerita Anak

Rebutan Wedhus

Pak Karto lan Pak wiryo penggaotane golek kayu ning alas. Yen golek mesthi bebarengan. Budhale esuk jam enem, mulihe ngenteni yen wis entuk kayu rong bongkok. Kayu-kayu kuwi yen wis tekan ngomah banjur dipepe lan digawe areng. Arenge didol menyang pasar dening Mbok Karto lan Mbok wiryo.
Sawijining dina, Pak Karto lan Pak Wiryo weruh weddhus ing tengah alas. Sajake wedhus kesasar, lagi enak-enak nyenggut suket ning ngisor wit jati.Pak Wiryo lan Pak Karyo sakala kepencut. Ora sida nggolek kayu malah genti nguber wedhus.
“ Kowe nyegat saka ngarep Kang “ aloke Pak Karto mrentah Pak Wiryo.
Sing diprentah manut terus mlaku alon-alon nyegat ing sisih ngarepe wedhus. Pak Karto ndhedhepi saka mburi. Wong loro banjur mindhik-mindhik nyedhaki wedhus. Bareng wis cedhak wedhus ditubruk. Brusss! Lucune wedhuse mencolot terus mlayu karo embak-embek. Pak Karto kejlungup, tangan gluput srinthil wedhus. Sing Pak Wiryo tangane ketlusup eri
“ Ayo diuber , Kang ! Eman yen nganti ucul “ ujare Pak Wiryo thukul semangate.
Let sedhela wong loro wis iwut maneh olehe nguber wedhus. Polahe saiki kaya matador sing arep nyekel bantheng. Sing diuber dadi tambah giras. Mencolot mrana mencolot mrene gawe anyele sing lagi muber. Nanging Pak Karto lan Pak Wiryo ora putus asa. Karepe wis gilig , arep nyekel wedhus nganti kecekel. Wusana sawise uber-uberan nganti setengah jam, wedhuse kasil kapikut.
Pak Wiryo kasil mbekuk gulune , sedheng Pak Karto nyikep wetenge saka mburi. Wedhut sing kapikut ditaleni guliune nganggo tampar sing sadarunge arep kanggo mbongkoki kayu. Sawise wedhus dicancang ing ngisor wit, wong loro banjur ngaso. Karo nata bambegane sing isih krenggosan, wong loro banjur ngulapi kringete sing pating dlewer.
“ Enake wedhuse dikapakake Kang ? Diingu dhisik apa didol wae Kang ? “ pitakone Pak Wiryo
“ Eman yen didol, nek perlu diingu nganti gedhe lan duwe anak “ pratelane Pak Karto.
“ Terus sing angon sapa ? “
“ Ya awakmu no “
“ Ora gentenan ? “
“ Ya ora !
“ Yen ngono rak ora adil Kang ? “
“ Iki wis adil, kowe mau rak sing nyekel endhase, Ateges wedhus bageyanmu mung teka endhas tumeka weteng. Sedheng weteng memburi dadi bageyanku “
“ Banjur apa gegandhengane karo tugas angon wedhus iki ? “
“ Gandheng sing duwe cangkem iku wedhusmu, mula sing duwe pakan ya kudu awakmu “
“ Lha awakmu ? “
“ Yen aku rak ora butuh makani, awit wedhusku ora duwe cangkem”
“ Sawise mijet pilingane, Pak Wiryo nembe mudheng yen Pak Karto ngejak samin-saminan.
“ Ya wis Kang yen karepmu ngono “
Wiwit dina iku Pak Wiryo duwe tugas sampiran angon wedhus. Sadurunge budhal menyang alas, dheweke nggolekake pakan wedhus dhisik . Yen wis sore wedhuse dilebokake kandhang. Suwe-suwe Pak Wiryo nemu akal. Kanggo mbales Mbak Karto wedhuse sengaja dipakani suket watunan sawah. Esuke wedhuse mencret. Pak Wiryo banjur mara nyang omahe Pak Karto.
“ Kang wedhusmu kurang ajar, nyrinthil ning njero kandhang ‘
“ Lha karepmu piye ? “
“ Awakmu kudu gelem ngresiki, awit sing gawe rusuh kandhangku rak wedhusmu “
“ Lho kok ngono ? “
“ Lha piye ? Awakmu rak sing kandha dhewe yen wedhusmu wates weteng tumeka buntut. Mosok ana wedhus nyrinthil liwat cangkem ? “
Pak Karto ora bisa guneman. Dheweke terus mara nyang omahe Pak Wiryo ngresiki kandhang wedhus sing gluput srinthil. Batine Pak Wiryo kudu ngguyu kemekelen. Rasakna saiki piwalesku.
“ Wedhuse tak gawane mulih ka telung dina ya Kang ? ‘ ujare Pak Karto sawise ngresiki kandhang.
“ Arep kok kapakake ? “ pitakone Pak Wiryo.
“ Arep tak tambani ben mari mencrete. “ wangsulane Pak Karto. Batine Pak Wiryo bungah , bisa leren anggone angon wedhus. Dheweke ora ngerti yen Pak Karto duwe sedya kang licik.
Tekan omahe Pak Karto, wdhuse dirambanake godhong-godhongan sing ngandhut gizi, antara liya godhong lamtara. Wedhuse saiki tambah lemu, mencreeteb uga wis mari. Esuke Pak Karto ora budhal menyang alas, nanging angon wedhus menyang ara-ara. Wedhuse diumbar nyenggut bareng wedhus-wedhus liyane. Bareng wedhuse diuber wedhus lanang, atine Pak Karto bungah banget
Senajan jarene mung telung dina, nyatane nganti sesasi wedhuse isih durung dibalekake menyang omahe Pak Wiryo. Saben dina sing angon lan sing ngrambanake Pak Karto. Pak Wiryo sajake ayem wae, malah atine seneng ora kangelan angon lan golek ramban. Rong sasi wis kliwat. Bareng jangkep telung sasi, Pak Wiryo ruamngsa kangen karo wedhuse. Dheweke kepengin ngerti, wedhuse saiki kuru apa lemu. Utawa gek-gek wehuse wis didol Pak Karto ?
Wusana Pak Wiryo merlokake menyang omahe Pak Karto. Pak Wiryo njomblak bareng weruh wedhuse dadi gedhe wetenge.
“ Wedhuse iki lara pa Kang ? “ pitakone Pak Wiryo karo ngelus-elus endhase wedhus.
“ Ora !, malah mangane saiki tambah akeh ‘
“ Wetenge kok abuh ? Mengko gek malah kakean mangan ? “
“ Abuh iku ora merga lara utawa kakean mangan, nanging.....”
“ Geneya ?”
“ Meteng ! “
“ Apa Kang ? Meteng ? Wah yen ngono wedhuse dhewe bakal dadi okeh ya Kang ? Muga wae anake metu loro , dadi bisa siji edhing “
“ Ora isa Kang yen siji edhing, sing meteng rak wedhusku ? “
“ Lho ?! “ Pak Wiryo njomblak.
“ Wedhusmu rak mung endhas teka puser, dadi awakmu ora duwe hak ngepek cempe kang bakal lair “ Pak Karto negesake.
“ Ning wedhus iki rak duweke wong loro, dadi yen manak ya kudu dipara loro. “
“ Pancen bener iki wedhuse wong loro, nanging bageyane rak wis kita tetapake. Wedhusmu perangan endhas tumeka weteng, sedheng wedhusku perangan weteng tumeka buntut. Lha saiki sing bakal manak wedhusku apa wedhusmu ? Mesthine ya wedhusku, merga olehe manak ora metu cangkem. Malah awakmu kudu ngopahi aku , merga wis telung sasi angon lan ngrambanake wedhusmu...”
“ Yen ngono carane, awakmu rak njluk menang dhewe . Aku mnoj akali mentah-mentah “ Pak Wiryo mangkel semu nggresula.
“ Sing ngakali awakmu ki sapa ? Aku rak mung ngugemi aturan sing wis kita tetepake ?”
“ Ora, iku aturan gaweanmu dhewe ! ‘
Pak Karto ora wangsulan. Batine mbenerake omongane Pak Wiryo. Aturan mengkono kuwi pancen karangane Pak Karto dhewe, merga dheweke pengin oleh bageyan sing luwih okeh. Kejaba kuwi dheweke rada gela wedhuse kecekel wong loro, mangka sing weruh dhisik Pak Karto. Yen ora diduduhi, Pak Wiryo mesthi ora weruh. Mula anggepane Pak Karto, Pak Wiryo mung mbiyantu nyekel. Dadi yen Pak Wiryo diwenenhi bageyan iku wis koma-koma kanggone Pak Karto.
Pak Wiryo dhewe klebu wong sabar lan nriman. Senajan terang-terangan diakali, dheweke tetep ngalah, tinimnang sulaya karo tangga. Apamaneh ngadhepi Pak Karto, sing watake kaku lan seneng “ nyamin “ Senadyan dituduhi aturan sing becik lan bener dheweke bakal tetep mentheng kelek. Mula carane ngadhepi uga kudu nganggo siasate wong samin.
Rong wulan candhake, Pak Wiryo mara maneh menyang omahe Pak Karto karo nggawa klewang mingis-mingis. Pak Karto mesthi wae kaget. Rumangsane dheweke arep diperjaya.
“ Awakmu arep apa, Kang ? “ pitakone Pak Karto karo ndredheg wel-welan.
“ Arep mbeleh......” wangsulane Pak Wiryo sengaja oran dibacutake.
“ Mbeleh sapa ? “ Pak Karto tambah njomblak.
“ Mbeleh wedhusku ! “ Karo muni ngono Pak Wiryo langsung marani wedhus sing dicancang ing mburi omah. Pak Karto gendadapan olehe nututi.
“ Ko.......kosik, Kang ! Karepmu iki piye ?
“ Wedhusku rak endhas tumeka weteng ? Saiki arep tak beleh merga aku butuh lawuh ! wangsulane Pak Wiryo karo napakake klewang ing gulune wedhus. Pak Karto tambah gugup. Tangane Pak Wiryo sing nyekeli klewang digondheli.
“ Sareh dhisik, Kang , wedhus iki rak nembe meteng sesasi engkas cempene lair..”
“ Aku ora urusan ! Sing arep tak beleh iki rak wedhusku dhewe ? “
“ Aku ngerti, Kang ! Nanging cempene sing ana njero mengko rak mati ?”
“ Aku ora niyat mateni cempe ! Aku mateni wedhus wedhusku dhewe, ora nguthik-uthik wedhusmu sing lagi meteng ! “ Pak Wiryo ngotot karo ngobah-obahake klewange ana gulu wedhus . Pungkasane Pak karto trima ngalah.
“ Ya wis Kang, saiki aku trima kalah , wedhusmu ora usah kok beleh, mengko yen manak asile didum. Yen cempene loro siji edhing.
“ yen metu siji ?”
“ Yen metu siji didol dhuwite didum “
“ Ya... yen ngono wedhuse tak gawane mulih, ben manak ning omahku “ Bubar muni ngono Pak Wiryo nuntun wedhus digawa mulih. Pak Karto mung bisa ngulatake karo thenger-thenger.
Dilalah , bareng wedhise manak, cempene metu loro tenan. Ning apes ! Ora nganti sakjam, cempe loro karo mati. Simboke nututi mati rong dina candhake. Saiki Pak karto lan Pak Wiryo mung bisa ngemut driji....”





TOTOK SOK SIAL


Wayah budhal kantor bapak duka-duka karo ibu. Bapak kelangan dhuwit limang ewu. Sing diarani mundhut ibu. Mesthi wae ibu ganti muring-muring. Merga ibu ora rumangsa mundhut dhuwite bapak. Nanging bapak tetep mastani ibu sing mundhut.
“ Mosok dhuwit isa miber dhewe? Wong dhek bengi isih wutuh ning ndhuwur meja “ ngendikane bapak.
“ Ah ! Bapak iki sok lalinan ! Mbok digalih dhisik, mbok menawa Bapak kesupen anggone ndokok ? “ wangsulane ibu.
“ Lali kepiye ? Olehku ndokok ya ning ndhuwur meja iki !”
“ Susuk rokok dhek bengi kuwi ta ? “
“ Iya ! Dhuwite Rp.20.000,- kalong Rp.10.000,- susuke limangewunan loro, lha kok saiki mung kari siji, lha sing limang ewu mlayu ning endi? “
“ Apa ya bener dhuwite Rp.20.000,- Mengko gek Bapak kleru dhuwit sepulu ewu dikira rong puluh ewu “
“ Kleru kepiye ? Nadyan mripatku wis blawur, ning yen dikon mbedakake dhuwit Rp.10.000.- karo Rp.20,000,- wae isih cetha “
“ Gek gek susuke saka warung kurang Pak ? “
“ Ora mungkin yen kurang ! “
“ Terus sing njupuk sapa? Apa dicolong thuyul ? “
“ Thuyul mbelgedhes ! Ning njero omah iki ana wong lima. Yen awakmu ora njupuk ya bocah-bocah ! “ Mireng ngedikane Bapak sakala aku metu saka kamar.
“ Kula mboten mendhet lho Pak ? “
“ Tenan ?! “
“ Saestu kula wantun sumpah ! “
“ Ora usah ngaggo sumpah-sumpah barang ! Yen ora ya wis ! kana ndang budhal sekolah ! Kari Totok karo Rini, mengko yen mulih sekolah kuudu ditakoni, yen bocah loro ngaku ora, ya pancel thuyul tenan sing njupuk “ ngendikane bapak rada sareh.
Ing sekolah atiku ora jenjem nampa pelajaran. Prastawa ning omah mau dadi ngeboti pikiranku. Yen tak gagas malah abot iki. Tinimbang mikir matematika. Lha kok ora ? Minangka anak mbarep aku melu sedhih yen ana kedadeyan ora lumrah ning omah. Apamaneh yen nyangkut bab nyolong jupuk, aku paling ora seneng. Kaya kedadeyan dhek esuk mau sapa sing ora isin ? Apamaneh yen nganti dirungu tangga, kulawargaku dhewe sing bakal kewirangan. Merga omahku banjur dicap ana malinge.
Banjur sapa sing dadi maling yen sing dijupuk barang kang ana ing omahku dhewe. Mesthi wae aku lan adhik-adhikku ing didakwa. Yen aku ora rumangsa? Apa adhi-adhiku Rini lan Totok sing dadi maling ?. Tak kira ora ! Aku ora percaya yen adhiku loro kuwi gelem colong jupuk. Merga aku wis apal watak wantune adhiku. Nanging yen ora kok ya mokal. Mosok dhuwit ning ndhuwur meja bisa sirna tanpa tilas ?
Sasuwene iki kulawargaku ora nate kelangan dhuwit. Kamangka ibunlan bapak yen nyeleh dhuwit glethak-glethek. Ing ndhuwur bufet, ndhuwur meja. Malah yen adhiku nyuwun dhuwit, ibu ngutus njupuk dhewe. Ancase kepengin ngetes kajujurane adhi-adhiku. Nyatane adhiku ya padha jujur-jujur. Yen nyuwun sewu ya sewu sing dijupuk. Mula dhek esuk aku njomblak nalika bapak sambat kelangan dhuwit limang ewu. Prastawa kang ngruwetake pikiranku iki sirna nalika adhiku-adhiku padha mulih sekolah.
“ Ndeleng tasmu ! “ kandhaku marang Totok lan Rini nalika kekarone mulih sekolah. Rini sakala menehake tase marang aku. Nanging Totok sakala kaget, praupane sakala malih.
“ Ana apa ta Mas ? “ pitakone Rini
“ Ora papa, aku mung kepengin ndelang ulanganmu “ wangsulanku.
“ beres Boss ! hari ini Ulangan saya bagus, IPA dapat sembilan ! “ ujare Rini karo nuduhake buku ulangane. Ndeleng sikepe Rini aku percaya yen dheweke ora klebu sing tak curigai njupuk dhuwite bapak. Mula aku mung ethok-ethok mbukak bukune , supaya siasatku ora dicurigai adhi-adhiku.
Nanging bareng ndeleng sikepe Totok, aku dadi cubriya. Adhiku sing isih lungguh ana kelas IV SD iki mung meneng. Dheweke ora engga ngulungake tase. Malah nalika arep tak jaluk tase, dheweke ngendhani.
“ Lho Tok, endi tase ! Aku kepengin ndeleng ulanganmu apik kaya mbak Rini ora? “
“ Ora usah Mas ! Dina aku ora ana ulangan ! “ wangsulane Totok karo mlayu mlebu kamar.Nanging tangane kasil tak candhak, tase tak jaluk.
“ yn ora ulangan ya wis, aku tak nyilih bollpoin-mu wae “ wangsulanku kanggo ngilangake kecurigaane Totok marang aku.
“ Nyilih bollpoine Mbak Rini rak padha wae “ wangsulane Totok diplomatis.
“ Mbak Rini duwene pulpen, sing tak butuhake bollpoint “ wangsulanku ora gelem kalah.
Totok ora isa guneman maneh. Tase kapeksa diwenenhake aku. Nanging saeba kagetku, bareng aku ngolak-alik bukune, aku weruh dhuwit Rp.2000,- semlempit ing bukune Totok. Nanging aku kasil ngempet rasa kagetku. Tase totok tak tutup maneh. Banjur tak ulungake dheweke. Tak sawang Totok malih maneh rupane. Yen mau tak sawang rada pucet, saiki malih sumringah. Bareng dheweke mlebu kamar, eggal tak tututi. Lawang kamar terus tak kunci.
“ Tok saiki awakmu kudu ngaku ! Dhuwit rong ewu ana tasmu kuwi dhuwite sapa ? “ Totok kaget maneh.
“ Dhuwitku dhewe olehku nabung “ wangsulane. Karo ngungkuri awakku.
“ Sing bener Tok ! Kapan olehmu nabung? Sasuwene iki kangmasmu ngerti yen awakmu iki bocah boros, seneng jajan. Lha kok saiki ngaku duwe tabungan, sing percaya sapa ? “
“ Tenan kok Mas ! Iku dhuwit olehku nabung dhewe “ Wangsulane Totok ngeyel.
“ Tok apike awakmu nghaku wae! Aja goroh ! Dhek esuk bapak mentas kelangan dhuwit limang ewu. Yen bapak pirsa awakmu sing njupuk, mesthi duka. Awakmu bisa diajar nganti gepeng. Nanging yen awakmu gelem ngaku karo aku, tak tanggung bapak ora bakal ngajar awakmu “ ujarku semu ngglembuk.
Mripate Totok kaca-kaca. Kaya arep nangis. Dheweke mandeng aku semu memelas. Let sedhela dheweke ngaku.
“ Aku nyuwun ngapura, Mas ! Iku pancen dhuwite bapak, nanging aku ora sengaja njupuk. Nalika bapak ngutus aku tuku rokok , susuke sing limang ewu isih keri ing sak ning sak kathokku. Ya kaathok sing tak nggo sekolah iki. Bapak nalika iku ora nganti ngetung. Mula bapak ora yen nalika iku susuke isih kurang. Aku nembe ngerti ning sekolahan. Nalika ngrogoh sak aku nemu dhuwit limang ewu...”
“ Yen ngono nalika iku bapak sing kesupen ngetung susuke. Lha saiki kok mung kari Rp.2000,- lha sing Rp.3000,- endi ? ‘
“ Tak wenenhake kancaku “
“ Lhoh ! “ aku njomblak.
“ Merga dhe wingenane Bu Guru ngendika, kita kudu duwe rasa sosial marang sapadha-padha. Mula kancakancaku sing ora duwe dhuwit tak jajakake. Merga aku mesakakake karo kancaku sing ora duwe “
Adhiku totok tak elus-elus rambute.
“ Kowe bener Tok ! Nanging uga luput ! Benene, awakmu bisa ngamalake rasa sosialmu marang kancamu sing ora duwe, Lupute, sarana kang kok gunakake kanggo sosial kuwi durung dadi hakmu. Ateges awakmu durung sosial saatus persen, nanging “ sok sial ! Mula gandheng awakmu luput kowe tetep tak ukum ! “
“ Arep kok gawa nyang kantos pulisi Mas ? “
“ Ora ! Awakmu kudu nyuuwun pangapura marang bapak lan ibu “
“ Carane piye Mas, aku wedi “
“ Ora usah wedi ! Tulis wae ning kertas “ Bapak lan Ibu Totok nyuwun pangapunten, awit Totok sampun ngagem artanipun Bapak tanpa idin “
“ Ngono thok, Mas ? “
“ Iya nanging kudu ditulis ping seket. Tur ora kena salah ! :
“ Tanganku rak kiyu “
“ Ya ben ! Idhep-idhep latihan nulis. Tulisanmu kan elek, Tok. Mula olehmu nulis kudu sing apik. Yen elek mengko tak suwek. Terus tak kon mbaleni maneh lho ! “
Totok pungkasane gelem nuruti prentahku. Dhekeke banjur njupuk bukune terus nulis ukara kang surasane nyuwun pangapura marang bapak lan ibu. Nalika bapak kondur saka kantor tak aturi dhodhok selehe bab dhuwit limang ewu. Mireng critaku, bapak lan ibu ora sida ndukani Totok, maalah kekarone padha gumujeng. Mung adhiku Rini sing bola-balo nggodha adhine.
“ He...Totok sok sial ! Totok sok sial....1 “


Gendera Kertas

Wektu pelajaran PMP, pak Sugiyono guru kelas VI ngelingake marang para siswane, yen sesuk iku tanggal 17 Agustus. Piyambake ngelingake supaya para siswane ora ana sing mbolos. Merga sesuk para siswa kudu mlebu saperlu melu upacara “ tujuh belasan “.
“ Anak-anak besok jangan lupa mengikuti upacara bendera di sekolah. Bapak minta jangan ada yang mbolos, kalau mbolos, nanti bapak kurangi nilai PMP mu ‘ ngendikane Pak Sugiyono marang siswa- siswine.
“ Ya paaaak “ para siswa mangsuli bebarengan.
“ Dan sekali saya ingatkan ! Besok pagi orang tua mu juga harus diingatkan supaya memasang bendera merah putih di depan rumah masing-masing “
“ Iya Paaaak.......! “
Nalika para siswa padha semangat mangsuli prentahe Pak Sugiyono, Sartono mung meneng. Dheweke katon sedhih. Merga dheweke kelingan yen gendera merah putih ning omahe wis lecu. Kejaba kuwi wis ora pantes dipasang, awit okeh sing bolong dikrikiti tikus. Omahe Sartono pancen okeh tikuse, awit manggon ing tengah tegalan. Kejaba iku omahe digawe saka gedhek dadi gampang dibrosoti tikus.
Mulih saka sekolah Sartono dheleg-dheleg. Dheweke bingung kelingan welinge Pak Sugiyono supaya sesuk masang gendera merah putih. Yen trima masang gendera sing lawas ya isa nanging bakal ngisin-isini. Awit rupane wis ora karuwan parake. Kejaba wis ora putih maneh, dheweke ora mentala masang ing ngarep omahe.
“ Yen ngono aku kapeksa mbobol celenganku. ...” grenenge Sartono ing sajeroning batin. Dheweke banjur mlebu kamar, milang miling sedhela terus njupuk celengan kang disimpem ana ngisor kasur, Celengan saka lemah kang wangune kaya gajah iku banjur dibanting, Sakala puluhan dhuwit receh limang atusan semebyar ing njogan omahe kang durung diplester iku. Sawiswe dietung, dhuwit asil celelengane gunggunge ana 72 iji. Yen dirupiyahake gunggunge dadi Rp.36.000,00. Dhuwit semono mau olehe nglumpukake rong wulan kepungkur. Saben budhal sekolah dheweke disangoni simboke Rp.1000,00. Nanging ora dinggo njajan kabeh, sing Rp.500,00- dilebokake ing celengan. Karepe suk nek unggah-unggahan bisa kanggo mbiyantu simboke tuku buku utawa tuku seragam sekolah. Nanging durung nganti nglumpuk celengane wis dipecah dhisik merga ana kabutuhan kang kudu dicukupi.
Sartono mikir sedhela, yen dhuwit Rp.36.000,00 kasebut dinggo tuku gendera mesthi ora cukup. Merga dheweke kudu nyisihake kanggo tuku celengan maneh lan sabageyan kudu ditabung maneh. Mula dheweke duwe rencana arep nggawe gendera saka kertas wae, sing baku wernane kudu abang lan putih. Sedheng cagake dheweke duwe walesan kang biasa dinggo mancing.
Metu saka kamar, Sartono mlayu nyang warung kelontong pojok gang. Dheweke tuku kertas abang lan putih rong gulung karo lem kertas sak botol. Terus mampir nyang warung grabah saperlu tuku celengan anyar kanggo ngganti celengan kang mentas dibanting. Tekan dheweke banjur nggawe gendera merah putih saka kertas,
“ Tuku kertas semono okehe arep mbok gawe apa Ton ? “ pitakone simboke Sartono rada ngungun.
“ Gawe gendera, Mbok “ wangsulane sartono cekak.
“ Gendera ? Maksudmu pak guru ngutus nggawe prakarya gendera ? “
“ Lho simbok iki piye, sesuk rak tanggal pitulas Agustus, kita rak kudu masang gendera kanggo mengeti dina kamardikan ? ‘
“ Lho kok saka kertas, lha gendera sing saka kain rak isih ? “
“ Ya isih, Mbok namging wis ra pantes dipasang ? “
“ Ya gene kok ra pantes ? “
“ Putihe wis mangkak , Mbok , kejaba kuwi wis okeh sing bolong dikrikiti tikus “
“ Lha awakmu kok isa tuku kertas pirang-pirang iku oleh dhuwit saka endi ? ‘
“ Mbobol celengan, Mbok ! Oleh Rp.36.000,00 tak tukokake kertas karo lem Rp.16.000,00 turahane tak tukoake celengan Rp.5000,00. Sisane Rp.15.000,00 tak lebokake celengan maneh “
“ Lho awakmu kok isa nyelengi barang iku terus sing kok nggo njajan ning sekolahan apa ? “
“ Ya dhuwit ta Mbok, mosok nganggo kertas ? “
“ Ton ! Ton ! Dijak ngomong wong tuwa kok malah ndhagel ! “
“ Simbok kuwi piye ta ? Diwangsuli apik-apik kok dikira ndhagel. Sing tak nggo tuku kertas kuwi pancen dhuwit paringane simbok. Saben esuk simbok rak menehi sangu aku Rp.1000,00 Sing Rp.500,00 tak nggo sangu ning sekolahan sisane tak celengi Mbok “
Krungu wangsulane Sartono, simboke nggrantes atine. Ora ngira yen anake gelem prihatin. Sakwise diitinggal mati bapakne, Sartono lan simboke urip saanane. Kanggo nyambung urip saben esuk Simboke dadi bakul blanjan ider. Oleh-olehane ya mung cukup kanggo mangan saanane. Tahun ngarep iki Sartono bakale mlebu SMP. Simboke durung bisa mikir, kira-kira bisa nyekolahake Sartono nyang SMP apa ora ? Simboke trenyuh, nyawang Sartono kang gelem prihatin lan urip klawan prasoja.
Esuke, sadurunge budhal sekolah, Sartono wis iwut nata gendera merah putih ing plataran omahe. Gendera saka kertas kang ambane karotengah meter persegi iku dilem, banjur ditempelake nyang gagang walesan kang saben minggu dinggo mancing ning kali kidul desa. Sawise kanthil, walesane dirakit ning pager pring ing sisih tengen omahe. Sawise jejeg lan anteng, dheweke mundur terus ndhangak karo menehi hormat marang gendera kertas kang wus kumlebat ing ngarep omahe. Esuk kuwi Sartono paling dhisik dhewe masang gendera merah putih tinimbang tangga kiwa tengene.
Nanging saeba kagete, nalika mulih saka sekolah Sartono nyawang gendera merah putihe sengkleh. Gendera saka kertas kang dilem ing walesan, lime nglotok banjur suwek katerak angin. Sartono mandeng gendera merah putih kasebut tanpa kedhep. Ora krasa luhe ndlewer nelesi pipine. Dheweke ora nyana yen usahane kanggo ngormati dina kamardikan iku ora kasil. Karo isih ngelapi luhe kang isih ndlewer ing pipine, Sartono ora mentas anggone mandengi gendera merah putih kang kumlebat pating srawil.
Sartono nembe rampung anggone nangis nalika pundhake dicekel dening Pak Sanjoyo, Ketua RT ing desane kang daleme ana wetan omahe.
“ Sartono, ora usah ditangisi lan digetuni ! Bapak rumangsa mongkog marang usaha lan semangatmu mengeti dina kamardikan negara kita. Minangka ketua RT bapak melu prihatin. Nanging bapak bangga ndeleleng usahamu melu nyengkuyung lan nglaksanaake prentahe Pak Lurah supaya masang gendera merah putih ing pengetan dina kamardikan iki. Wis saiki ora usah ditangisi gendera kertas-mu sing wis suwek iku. Sing penting semangatmu aja nganti suwek anggone nyengkuyung lan mbela negara kita kang wus merdhika iki.
“Saiki gendera merah putih saka bapak tampanana minangka bebungah lan hadiahku marang awakmu kang wus taat marang aturan kang ditetepake dening pemerintah “ ngendikane Pak Sanjoyo karo ngelus-elus rambute Sartono. Sing dielus-elus sansaya sumedhot atine. Karo nampani gendera paringane Pak RT, Sartono olehe nangis sansaya banter nganti luhe netesi gendera merah putih kang ana tangane..........,,,,*

K E M B A R A N

Aku kagolong bocah nakal. Bocah mbambung kang tansah nganyelake wong tuwa. Mula aku kerep didukani rama. Awit aku ora nurut karo dhawuhe wong tuwa. Saben dina penggaotanku mung nglayap. Yen mulih ora eling wektu. Ora pisan pindho tanganku dibanda dening ibu. Supaya aku ora bisa metu utawa mlayu. Nanging dhasar aku bocah nakal. Olehku ndhugal ora tambah suda maalah tambah ndadi.
Olehku tumindak kaya mengkono mau ora merga aku mangkel karo wong tuwaku. Aku njaluk video game ora dituruti. Kamangka aku ngerti yen wong tuwaku kuwagang nukokake aku video. Merga wong tuwaku kagolong priyayi kang sugih brewu. Mesthine aku diuja lan dituruti sedyaku. Nanging malah suwalike. Kabeh panjalukku ora nate dirungu.
“ Suk yen kowe wis kelas nem tak pundhutake video. Yen tak pundhutake saiki kowe mesthi aras-arasen sinau. Sekolahmu kether lan bisa-bisa anggonmu ujian ora lulus ‘ ngono ngendikane rama saben aku ngrengek njaluk video. Ibu dhewe sakjane mesakake aku. Merga yen aku kepengin ndelok video asring nangga. Ibu tansah ndhesek rama supaya kersa mundhutake aku video. Kersane ibu supaya aku krasan ning omah. Nanging rama tetep ora sarujuk, ora nggatekake usule ibu.
Mula aku ora krasan thenguk-thenguk ning omah. Saben mulih sekolah aku njujuk ning omahe Andi. Ning omahe mitraku mau aku bisa nonton video satanegku. Ora ana sing nglarang lan ora ana sing ndukani. Merga andi pancen dimanja dening wong tuwane. Saben duwe kekarepan mesthi dituruti. Wong tuwane Andi remen yen aku dolan ning daleme. Merga Andi dadi krasan ning omah. Andi ora kober metu.
Suwalike yen aku mulih saka omahe andi, ibu dukaa-duka. Ibu kaya-kaya lingsem pirsa putrane nangga. Bubar kuwi tanganku banjur dicethoti nganti biru. Aku nangis nggero-nggero. Sewengi aku ora bisa turu mikirake nasibku. Nanging ing batin aku dadi getun. Merga saka pokalku ibu lan rama dadi geger padu.
“ Sing kebangeten iku sampeyan, Mas ! Wong anak njaluk video wae ora dituruti. Saiki olehe nonton malah nangga. Yen ngene iki apa awake dhewe ora isin ? Dikira awake dhewe ora kelar nukokake video anak “ ngendikane ibu karo nynthe-nyenthe.
“ Ora usah nggatekake omongane tangga ! Kita iki duwe program dhewe-dhewe.Olehku ora nukokakake video Dody ora merga aku ora duwe dhuwit. Ning ancasku mung supaya Dody dadi bocah sing apik. Yen sedhela-sedhela dituruti karepe, mengko dadi bocah manja ‘ wangsulne rama.
“ Masiya dipenging kaya ngapa wong jenenge bocah. Yen ning ngomah ora ana ya golek ning njaba. Karo maneh anake dhewe iki rakmung siji. Suk kapan olehe arep nyenengake anak? Yen perkara video wae bocah dadi nelangsa ! “ pratelane ibu ngrewangi aku.
“ Au mau rak wis kandha.Olehku tumindak kaya mgono mau ora merga aku eman ngeculake dhuwit ! Nanging merga aku trisna karo anak. Merga Dody saiki wis kelas VI. Dheweke sedhela engkas ujian. Yen wiwit saiki ora dilatih disiplin njur suk kapan maneh ? Merga anake dhewe mung siji, mula kudu sing ati-ati. Aja nganti anak mung siji banjur didhidhik sakepenake. Wekasane dadi bocah sing ora nggenah. Yen bisa anak siji dirumat sing premati. Yen bisa tansah digadhang-gadhang dadi manungsa sing mulya, lan bisa njunjung asmane wong tuwa “
“ Nanging ndhidhik anak iku aja kedisiiplinen ! awit bocah sak Dody iku perlu kawigaten, lan ora kena dipeksa-peksa. Bocah sak Dody isih butuh dolanan barang ‘
“ Yen pekara dolanan wae ning omah wis okeh. Kurang apane olehku nukokake dolanan dheweke/? Saelingku dolanan model apa wae dheweke wis duwe ‘
“ Anake dhewe saiki wis gedhe, Pak ! Wis ora wayahe maneg Dody dody dolanan montor-montoran utawa sepur-sepuran. Sing dikepengini kuwi video game ! “
“ Wis wis Bu ora perlu guneman okeh-okeh. Pokoke aku ora arep nukokake video Dody titik ! “
Mireng ngendikane rama atiku serik. Ing batin atiku nelangsa. Aku rumangsa dadi anake wong mulya, ning uripku ora kepama. Mula aku dadi aras-arasen sinanu. Penggaotanku saben dina mung klayapan. Malah kala-kala aku mbolos ora sekolah barang. Saka omah katone budhal sekolah, nanging ora tekan ing sekolahan. Aku mara nyang “play station ‘ dolanan ding dong karo kanca-kancaku sing mbambung.
Sawijining dina aku diundang ing kantor dening kepala sekolah. Aku didukani merga asring mbolos. Kejaba kuwi aku uga dielingake supaya enggal nglunasi iuran BP3 kang wis nunggak 3 wulan. Aku dadi tmbah bingung. Aku nembe eling yen dhuwit BP3 kang diparingi ibu wis tak entekake ing play station.
“ Ini surat undangan untuk orang tuamu Besok pagi orang tuamu harus datang ke kantor untuk menemui Bapak Kepala sekolah “ kandhane Pak Imam , wali kelasku. Bareng nampani layang saka bvapak kepala sekolah awakku dadi ndhredheg wel-welan. Aku mung mlenggong ora bisa omong. Mulih sekolah aku tambah bingung. Sadalan-dalan aku ngangen-angen pidana kang bakal tak tampa saka wong tuwaku. Aku golek cara supaya saka pidanane rama. Ning aku ora nemokake cara kanggo ngentasake karuwetanku. Nganti tekan omah sirahku tambah mumet. Aku thenger-thenger ning ngarep teras. Arep mlebu omah atiku gojag-gajeg. Ning ora wurung tekaku dingerteni dening Mbok Iyah rewangku.
“ Yah keten kok pun kondur, Gus ? “ pitakone Mbok Iyah ngagetake aku.
“ Ya Mbok ! Bapak lan ibu guru rapat ning kecamatan, mula diulihna gasik “ wangsulanku dora. Krungu wangsulanku Mbok Iyah ora takon maneh. Aku banjur mlebu omah. Tasku takuncalake ing ndhuwur kasur. Aku terus salin. Ning saeba kagetku bareng aku mlebu ning kamare ibu. Lemarine ibu ora dikunci. Kamangka yen ibu tindak kantor mesthi ora kesupen ngunci lemari dhisik.
Ning atiku nyicil ayem. Isine lemari isih tumata becik. Ateges ora ana uwong kang lemari sapungkure ibu tindak. Nalika aku molak-malik busanane ibu, aku weruh dhuwit nylempit ing ngisor busanane ibu. Karo lingak-linguk memburi, dhuwit sing nylempit mau banjut tak dudut. Nalika tak etung gunggunge kabeh ana telungatus ewu rupiah. Dhuwit kasebut banjur tak balekake ing panggonan sakawit sawise tak longi satus ewu.
Metu saka kamare ibu, aku banjur mlebu nyang kamarku maneh. Aku njupuk tas sekolahku. Buku-buku sing ana njero tak tokake kabeh, kejaba komik “ Dragon Ball “ . Buku anggitane Akira Toriyama tak waca separo mau tak lebokake ana tasku. Bubar kuwi aku njupuk sandhangan rong stel terus tak blesekake ana njero tas. Awan kuwi aku metu saka ngomah. Aku minggat !.
Tekan ndalan gedhe aku nyegar angkota jurusan swalayan. Aku durung bisa mikir, papan kang bakal tak jujug sawise metu saka ngomah. Sakjane aku kepengin banget ndhelik nyang omahe om-ku. Nanging niyatku tak urungake. Kejaba adoh, aku nembe sepisan lunga nyang Purwokerto. Desane om-ku ana sakjabane kutha kang kasuwur kripike iku. Om-ku mesthi seneng yen aku dolan mrana.Om-ku sayang karo aku , merga om-ku durung kagungan putra.
Sakeplasan aku kemutan eyang putri. Daleme eyang ana kutha Rembang. Dohe saka kutha semarang 112 km . nek numpak bis mung perlu waktu telung jam. Ing daleme eyang sakjane aku seneng. Aku asring dolan nyang daleme eyang. Ing kana uga ana pakdheku kang manggon sakomah karo eyang. Pakdhe uga sayang karo aku. Aku nate dijak lomban ning Taman Kartini. Awit pakdheku hobine mancing. Yen mancing nganti sedina muput. Oleh-olehe iwak dhokang lan sembilan. Tekan omah banjur dikela mrica karo eyang.
Nanging aku ora wani mrana. Ora merga aku wedi kesasar, nanging aku wedi yen didukani eyang. Merga olehku sowan eyang ora pas liburan. Eyang bakal pirsa yen aku minggat. Lan ora wurung aku bakal diterake mulih maneh. Kamangka niyatku metu saka ngomah wis gilig. Aku arep minggat ngedoho wong tuwaku.
“ Johar ! Johar ! Suwara pambengoke kernet angkota mbuyarake anggonku ngalamun. Tanpa mikar-mikir maneh aku langsung numpak angkota werna kuning jurusan Pasar Johar-Manyaran. Tekan pertelon Gendhingan aku mlaku ngidul, mara nyang toko swalayan. Sing tak jujug lantai papat, yaiku panggonan kanggo dolanan video game. Ing kana wis okeh bocah sakumurku kang hobine dolanan video game. Kejaba kuwi uga ana bocah saumur SMP lan SMA. Ing papan kasebut aku ngilangake pikiranku kang sumpeg kanthi dokanan video game satanegku.
Ora krasa anggonku dolanan video game wis sakjam luwih. Aku nembe leren nalika wetengku krasa klikikan. Aku banjut medhun ing lantai siji maneh. Tekan ngarep swalayan aku njujug ing warung bakso kang dhasar ing ngarep swalayan. Bubar mangan bakso samangkok lan ngombe es cao wetengku krasa wareg. Bubar kuwi aku terus leyeh-leyeh ing teras toko kang tutup. Aku mbukak tas, terus njupuk komik kang tak gawa saka ngomah. Buku anggitane Akira Toriyama iku tak waca nganti rampung. Ora krasa mripatku kliyap-kliyep ngantuk. Bubar kuwi aku wis ora eling apa-apa maneh.
Nanging saeba kagetku. Nalika aku tangi, tasku wis ora ana sandhingku. Tas sing ing njerone ana isine dhuwit mau amblas ora karuwan jenenge. Aku nembe eling yen sabenere aku mentas kecopetan. Karo mbrambang aku mlaku ngalor ngidul nggoleki tasku. Nanging tasku tetep ora ketemu. Ing batin aku misuh-misuh. Aku nyepatani wong kang mentas nyolong tasku. Muga-muga sing nyolong tasku antuk cilaka, grenengku karo prembik-prembik. Aku banjur mlaku mengidul turut trotoar. Pikiranku sansaya bingung lan bungkel. Ing batin aku rumangsa keduwung. Aku rumangsa dosa karo wong tuwaku looro.
“ Lik! Kenengapa kok nangis ? Aku njomblak, merga tanpa kanyana-nyana ana sawijining wanita kang nyapa aku. Waanita kang nembe medhun saka mobil sedhan mau dibarengi karo garwane. Umur-umurane pasangan lanang wadon mau sapantaran karo umure rama lan ibu. Sing kakung pasuryanene bagus. Sing wadon uga ayu. Karo mingseg-mingseg aku nyoba ngelapiu eluhku sing dleweran. Wanita kang nyapa aruh aku banjur njupuk sapu tangan terus melu-melu ngelapi eluhku. Saka saputangane irungku mambu mambu ganda parfum. Gandane nyegrak irungku. Ning ambune arum tur seger.
“ Omahmu ngendi, Lik ? ‘ wanita mau ngambali takon maneh. Aku tambah mingseg-mingseg.
“ Kowe kesasar ya ? “ pitakone sing kakung. Aku gedheg.
“ lha terusd arep nyang endi ? “
“ Tas lan arta kula ical “ wangsulanku. Krungu wangsulanku, priyayi lanang wadon mau padha pandeng-pandengan.
“ Yen ngono yuk tak terake mulih “ Aku gedheg maneh. Priyayi lanang wadon mau banjur pandeng-pandengan maneh. Let sedhela wong loro padha nyawang aku, wiwit mbun-mbunan nganti tumekane sikil.
“ Yen ngono yuk ndherek ning omaahe Om dhisik ! “ kandhane sing lanang karo narik tanganku. Bubar kuwi aku digandheng mlebu nyang mobil sedhane.
Kaya kena daya setrum aaku mung manut. Let sedhela mobil sedhan werna ijo methalik iku mlaku tleser-tleser ninggalake papan kono. Aku lungguh ning jok tengah dikancani wanita kasebut. Ing batin aku ngudarasa. Mobile ramaku miturut pamawasku wis kagolong apik. Ning kok isih kalah apik karo mobil sing tak tumpaki. Kejaba suwarane alus, lawang lan jendhelane bisa mbukak tutup sacara otomatis.
Ora suwe sedan sing tak tumpaki wis tekan Tugu Muda. Mobil banjur menggok mengiwa ngliwati dalan Pandanaran. Saben ngliwati lampu bangjo mobilku tansah dicegat karo bocah-cilik-cilik sing padha ngamen. Nangingh bapak sing nggawa aku pancen kagolong dermawan. Saben ana bocah nyadhong ing pinggir dalan mesthi diaturi dhuwit. Nalika iku aku kaya dielingake yen tumindakku salah. Olehku metu saka ngomah padha karo ngendhani takdirku. Aku wis ditakdirake dadi putrane wong apik-apik. Nanging tumindakku malah murang tata. Aku ora manut dhawuhe wong tuwa. Malah wekasane uripku kalunta-lunta lan kedarang-darang ing tengah dalan. Aku digawa karo wong sing durung tak ngerteni jati dhirine. Sapa ngerti yen sing nggawa aku sawijining penculik ? Oh ! Ibu, kang putra nyuwun gunging samudra pangaksama “ grenengku ini njero ati.
Metu saka dalan Pandanaran mobil sing tak tumpaki mlaku rendhet. Awit dalan kasebut awan kuwi katon rame. Sajake ana kacilakan. Tibake tenan. Ing dalan kasebut okeh wong padha rubung-rubung. Saka jendhela mobil aku bisa ngrungokake gunemane wong sing pating krubung ing pinggir dalan.
“ Ana bocah ditabrak montor “ celathune wong-wong ing pinggir dalan.
“ Sing ditabrak cah ngamen ! “ celathune wong liyane maneh.
Mobil sing tak tumpaki mlaku terus mecaki dalan Pandanaran. Ora let suwe wis tekan Simpang Lima. Saka Simpang Lima banjur munggah mendhuwur tekan Siranda. Bubar kuwi terus mengidul tumeka daerah Srondol. Miobil sing tak tumpaki mandheg ana sawijining omah mewah model eropa. Platarane amba, kanthi pajangan taman kebak tanduran maneka warna.
Sawise mudhun saka mobil, aku digandheng mlebu nyang omah. Ning njero katon sepi. Mung ana pembantu wadon siji. Sajake sing nggawa aku iki sawijining pasangan kang durung diwenenhi momongan.
“ Wis saiki maem dhisik !“ dhawuhe ibu sing ngawa aku.
“ Kula sampun maem, kok bulik “ wangsulanku.
“ Maem ana ngendi ? “
“ Kala wau sampun njajan bakso kaliyan es cao “
“ Dadi durung maem sega ta? . Mula saiki maem sega dhisik ben ora masuk angin “
“ Bubar muni ngono priyayi lanang wadon mau mlebu kamar . Aku ditinggal ijen ana ruang makan. Karo ketemal ketemel, lamat-lamat aku krungu ngendikane bapak lan ibu ing njero kamar.
“ Bocah kok baguse kaya ngono ya ,Mas ? Kulite kuning tur resik. Akun yakin Mas, bocah kuwi mesthi putrane priyayi. Suk kapan ya Mas awake dhewe diwenehi momongan ? “
“ Terus karepmu piye ? ‘
“ Yen gelem melu awake dhewe, aku gelem kok Mas dikancani bocah bagus kuwi “
“ Sampeyan iki lucu kok Yun, anake uwong kok mbok arepi ! ‘
“ Ning aku seneng kok, Mas., nyawang bocah kuwi. Mengko ditari ya ? Sapa ngerti dheweke gelem melu awake dhewe . kan lumayan bisa ngancani aku ana ngomah. Terus terang Mas aku kesepian yen ditinggal dhewekan ning kantor ‘
“ Yun ! Yun ! Pikiranmu kok tambah nggladrah ! Bocah sing kok jak mrene iku anake uwong ! Sapa ngerti wong tuwane lagi bingung mikirake anake ? salah-salah awake dhewe mengko diarani nyulik, yen ora enggal-enggal ngeterake mulih dheweke.
“ Aja kesusu diterake mulih dhisik ta, Mas ! Aku kepengin dheweke ning kene ka seminggu utawa sewulan ngonollho Mas “
“ Arep mbok rumat selawase ana kene aku setuju-setuju wae, Yun. Ning kita perlu ngetti asal-usule bocah kuwi. Yen wis jelas wong tuwane, kita bisa nembung sacara apik-apik karo wong tuwane. Yen niyare awake dhewe apik, tak kira wong tuwane ora kabotan ngeculaken”
“ Sampeyan iku malah ngayawara, Mas ! Endi ana wong tuwa ora kabotan ngeculake “
“ Mula awake dhewe ora susah mikir sing neka-neka. Sing penting bocah kuwi ben sareh dhisik. Aku yakin bocah kuwi duwe masalah ning omah. Mengko yen wis tenang kita rimuk. Sapa ngerti dheweke gelem diterake mulih. Dadi awake dhewe ora kesalahan nulung dheweke “
Bengine bubar sholat magrib, priyayi lanang wadon mau nemoni aku ning ruwang tamu. Aku ditakoni ngalor ngidul. Lan kabeh pitakone tak wangsuli klawan jujur. Wengi iku aku nembe ngerti yen sing nulung awakku sawijining pengusaha. Sing jaler asmane Pak Joko Wahyu Santosa. Dene sisihane asmane Bu Yunita. Bu Yunita sawijining wanita karier. Piyambake kagungan salon lan butik utawa toko busana.
Ing ngarepe Pak Joko lan ibu aku ngesokake kabeh panguneg-unegku. Lelakonku wiwit metu saka omah nganti tekan daleme tak critaake kabeh. Mireng critaku, Pak Joko lan Ibu banjur ngendika.
“ Sakjane alesane ramamu iku bener. Supaya Dody dadi bocah sing pinter. Ramamu kuwatir yen Dody dipundhutke video mengko malah kether anggone sinau “ ngendikane Bu Yunita.
“ Iku mertandhani yen ramane Dody iku sayang karo Dody. Yen ora sayang, Dody mesthi diumbar lan ora digatekake dening rama lan ibu. Pungkasane Dody dadi bocah sing bodho. Sing rugi ya Dody dhewe “ dhawuhe Pak Joko.
“ Sakleresipun menawi rama kersa mundhutaken dalem viseo game, dalem saged mnagi wekdal kangge sinau. Awit dalem inggih sampun ngrumaosi yen sampun kelas VI. Kejawi menika wiwit kelas setunggal kula tansah antuk rangking setunggal. Pramila dalem rumaos gela rama mboten pitados kaliyan dalem “ wangsulanku blaka.
“ Ya wis ora perlu digelani. Awit satemene kabeh pitutur utawa dhawuhe wong tuwa iku mesthi ana hikmahe “ ngendikane Bu Yunita ngerem-eremi aku.
“ Sajatosipun rama pancen keras watak wantunipun. Benten kaliyan ibu. Nanging ibu kawon kaliyan rama. Saengga napa ingkang dingendikaaken ibu mboten dipun tampi “
“ Manungsa iku pancen duwe watak-wantu dhewe-dhewe. Mula kita kudu bisa emong-kinemong siji lan sijine. Ya Dody wae sing kudu bisa nyerteni kabeh sing dikersaake rama “ Ngendikane Bu Yunita.
“ Yen ngono Dody sawetara bisa manggon ana kene. Dody ora usah isin utawa wedi. Anggepen omah iki kaya omahe Dody dhewe. Mengko yen atine Dody wis lerem, om lan bulik kudu ngeterake Dody mulih. Awit yen om ora ngeterake Dody mulih, om lan bulik mengko sing disalahake “
Krungu ngendikane Om Joko atiku bali sedhih maneh. Sakjane aku ora kepengin mulih. Wis tak niyati minggat lan metu saka omah iki merga aku ora krasan ning omah. Terus terang aku durung siap ketemu rama. Aku wedi yen diajar. Awit ramaku kereng yen ngajar anake kaya ngajar maling. Biyen aku nate digebugi nganggo garan sapu gara-gara aku mulih sore.
“ Menawi kepareng kula badhe ndherek om lan bulik wonten mriki kemawon. Sokur menawi om lan bulik kersa nganggep kula putra angkat” Mireng wangsulanku Om Joko lan bulik Yunita mesem.
“ Om lan bulik seneng banget yen Dody krasan ana kene. Nanging Omlan bulik kudu njaluk idin karo rama lan ibune Dody. Merga Dody isih kagungan rama lan ibu.
“ Menawi nyuwun idin, rama lan ibu jelas mboten ngeparengaken. Mila menawi kepareng kula badhe ndherek om lan bulik salaminipun. Kula janji kaliyan om lan bulik badhe dados lare ingkang sae, lan badhe nurut dhawuhe bapak ibu kekalih “
“ yen Dody ana kene terus sekolah Dody piye ? Kamangka Dody kudu ngurus sekolahe. Dody kudu sekolah maneh, lan ora pareng dadi bocah mbambung “
Ora krasa anggonku ndherek Om Joko lan Bu Yunita wis genep nem dina. Aku rumangsa krasan manggon ing daleme. Aku disayang kaya putrane piyambak. Aku kepama ndherek piymbake. Olehku krasan merga Om Joko lan Bu Yunita gemati karo aku. Om Joko lan Bu Yinita mundhutake aku klambi lan sepatu. Kejaba kuwi cita-citaku kepengin duwe video game keturutan. Saben dina aku bisa dolanan video game. Awit sawise aku ndherek Om Joko, esuke aku wis dipundhutake video game. Nanging aku uga didhawuhi sinau lan diulang ngaji dening Bu Yunita.
“ Sesuk om lan bulik arep ngeterake Dody mulih. Apa Dody wis siap ketemu rama lan ibu ? “ pitakone Bu Yunita nalika aku lagi dolanan video game.
“ Sampun, Bulik “ wangsulanku manteb.
“ Dody ora beka ? “
“ Mboten Bulik “
“ Ning janji ya, Dody ora pareng nakal lan minggat maneh “
“ Mboten Bulik “
“ Ning janji ya? , Dody ora pareng nakal lan minhgat maneh “
“ Mboten Bulik ! Nanging menawi Minggu utawi pas liburan Dody pareng dolan mriki malih nggik, Bulik ? “
“ Pokoke yen liburan Dody tilpun wae, mengko dipapag Om karo Bulik “
Esuke akusida diterake mulih. Atiku bungah campur susah. Bungah merga aku bakal ketemu ibuku maneh. Ibu sing tak tresnani lan tak kangeni. Olehku susah merga aku wedi yen didukani rama. Ning aku wis pasrah. Apa kang bakal dumadi ing omah bakal tak adhepi klawan ati sumarah.
Wengi kuwi ngemasi dina Kemis Wage utawa malem Jumat Kliwon. Aku, Om Joko lan Bulik Yunita budhal saka omah sawise sholat magrib. Olehe budhal bengi ben ora dingerteni dening tangga. Yen budhal awan mengko dadi tontonan, ngono alesane Om Joko. Mula aku mung manut apa kang dikersaake om lan bulik.
Ing tengah dalam Om Joko lan Bulik Yunita ngejak guyonterus karo aku. Kala-kala aku dijak nyanyi bebarengan. Swasanane dadi katon gayeng. Rasane kaya wong arep piknik utawa lunga ing panggonan kang adoh. Sakjane omahku saka daleme Om Joko ora adoh. Yen numpak mobil dhewe paling-paling ora nganti setengah jam wis tekan. Nanging wengi kuwi rasane suwe banget. Awit Om Joko anggone nyetir mobil pancen santai banget. Piyambake ora kersa ngebut.
Nadyan alon sing penting klakon. Nyatane ora krasa sedan sing tak tumpaki wis mlebu Desa Karangayu. Nalika ngliwati kuburan landa, hawane rada beda. Ana rasa nglangut. Cahya rembulan kang semampir ing pucuking cemara, nggambarake swasana kang tintrim. Saka jendhela kaca aku nyawang kahanan kuburan landa rasane kaya ndelelng film horor. Githokku rasane mrinding.
“ Omahmu ngendi, Dod ? “ pitakone Om Joko medhot anggonku ngalamun.
“ Tasih ngilen malih, mengke yen wonten prapatan nembe ngidul ‘
“ yen ngono siap-siap lho Dod ! Om pesen aja pisan-pisan mbantah ngendikane rama. Yen ramamu duka kowe meneng wae, ora usah wangsulan ! “
Nalika mobil sing tak tumpaki wis mlebu ing kampungku, atike=u dadi goreh. Rasane aku kepengin mencolot terus mlayu. Ning bareng aku kelingan yen sing ngeterake aku Om Joko lan Bulik Yunita aku dadi sungkan. Awit merga piyambake, aku saiki dadi sadar yen tumindakku salah. Mula aku kudu ngajeni Om Joko lan Bulik Yunita.
“ Omahmu isih adoh, Dod ? “ pitakone Om joko ngagetake aku.
“ oo, nggih-nggih niku ngajenge griya tingkat ingkang ketingal padhang nikun “ wangsulanku groyok.
Nalika mobil wis mandheg ning ngarep omah, aku sakala kaget, Omahku katon rame banget. Ora kaya adate, omahku rame kaya sing tak weruhi wengi iku. Ing njero omah kaya ana wong lagi kondhangan. Merga kursi sing biasane ana ruang tamu ditokake kabeh. Sawetara iku aku mambu ganda menyang ndumuk irungku. Menyan kang biasane diobong kanggo ngiringi slametane wong mati.
“ Omahmu kok rame, Dod ! Kayane ramamu lagi kagungan kersa slametan. Nylameti sapa Dod ? “ pitakone Om Joko karo isih lenggah ana mobil.
“ Kula nggih bingung, Om, kadose rama nembe mawon mendhaki eyang kakung ingkang kaping tiga. Kok niki wonten kenduren malih. Nalika kula kesah ibu inggih rasan-rasan yen kula badhe gadhah adhik. Nanging anggenipun ibu mbobot nembe kalih wulan, ateges mboten leres menawi ibu kagungan kersa tingkeban “ wangsulanku.
“ Nek kenduren tingkeban tak kira ora. Awit tingkeban iku biasane mung kanggo anak mbarep. Nek wis anak nomer loro ya ora usah ditingkebi “ pratelane Bulik Yunita.
“ Wis saiki sing penting medhun dhisik ! “ Mengko yen wis ana ngisor rak ngerti “ ngendikane Om Joko.
Wong telu banjur medhun. Aku digandheng Om joko lan Bulik Yunita. Nalika tekan ngarep omah, wong sing padha kondhangan padha kaget. Sebageyan ana sing ngadeg karo ngucek-ucek mripate. Salah sijine jamaah ana sing uluk : Subkhanalloh ! “ Lan ana sing uluk maneh “ Allahu Akbar ! “ Aku Om Joko lan Bulik Yunita mung pandeng-pandengan sajak bingung karo kedadeyan kang mentas dumadi.
“ Dody mulih ! Pak Siswoyo Dody wangsul, Pak ! “ salah sijine jamaah mbengok nimbali ramaku. Let sedhela kahanan ing njero omahku dadi geger. Wong-wong wadon sing rewang padha metu. Ora keri rama lan ibuku uga melu miyos. Nalika pirsa aku teka ibu banjur nggapyuk aku.
“ Ya Allah anakku ! Dod, dadi kowe isih urip, Nang ? Terus sing dikubur kae jisime sapa ? “ pitakone ibu karo muwun. Sawetara rama mung mendel, karo ngelus-elus rambutku. Aku, Om Joko lan Bulik Yunita dadi tambah bingung.
Bareng wis padha sareh kabeh, aku nembe mudheng yen wengi iku wong tuwaku nembe nylameti pitung dinaku. Piting dina kepungkur pehak kepolisian ngeterake jisime sawijining bocah kang tiwas merga kacilakan. Identitase ora bisa dikenal merga raine ajur. Nanging bocah mau dedeg sandhangane memper karo aku. Identitas sing bisa kanggo tetenger mung tas sekolah, merga ing njero tas ana buku lan ana jeneng sarta alamat omah kang tak tulis ana buku. Aku nembe eling yen tasku pancen ilang. Mbok menawa sing nyolong bocah sing dikubur wong tuwaku kuwi.
Mireng critane ibu sakala aku mbengok terus nangis nggero-nggero. Aku rumangsa kaduwung lan dosa karo bocah sing nyolong tas-ku. “ Oh Gusti kula nyuwun pangapunten ! “ panjeritku ing batin.
Wengi iku uga aku nyuwun diterake ing pesarean. Tekan kana aku bali nangis maneh. Merga aku weruh maesan kang ana jenengku Dody Setiawan, wafat tanggal 3 Januari 2010. “ Ya Allah, mugi-mugi sedherek kembaran kula Panjenengan pangapunten sedaya kelepatanipun. Mugiya Panjenengan paringi panggenan ingkang sekeca. Amin.....! “














Bocah Anyar


“ Anak-anak hari ini kalian akan mendapat teman baru namanya Yulita Rizky atau biasa dipanggil Kiky. Dia pindahan dari Surakarta, karena ayahnya memperoleh promosi jabatan di kota kita sehingga Kiky harus mengikuti orang tuanya pindah ke kota ini “ ngendikane Bu Mamik nalika mlebu ing ruang kelas V. Mireng ngendikane Bu Mamik sabagiyan kanca-kanca padha meneng, nanging sabagiyan ana sing nylethuk ora karuwan.
“ Wah kita dapat teman cakep ini, anak bos lagi, gimana Ky kalau duduk sama aku saja ! ‘ Gany nylemong gawe umyege kanca-kanca sakelas.
“ Jangan Ky ! jangan mau duduk sama Gany, dia malas dan suka nyontek lagi “ Anjar nyaut gawe gumuyune kanca-kanca, nanging Kiky, bocah anyar kang dikenalna bu guru mau mung mesem.
“ Sudah anak-anak ! Untuk sementara Kiki biar duduk disamping Rany saja dan sekarang kita mulai pelajaran bahasa daerah “ mireng ngendikane Bu Mamik kanca-kanca padha umyeg maneh.
“ Huuuu ! Gany ,Kasihan deh kamu ! “ Nanging sing diguyu mung mesem. Gany pancen kalebu bocah sing nakal ing kelasku. Nanging dheweke ora nate duwe lara ati utawa mangkelan. Wiwit lungguh ing kelas I nganti kelas V Gany wis nunggak kaping loro. Ing kelas III rong taun, lan ing kelas V iki dheweke wis nunggak setaun. Sakjane wong tuwane Gany wis matur karo

CERKAK

A M P L O P

Aku lan kancaku loro mlebu ing ruwang kerjane Boss. Niyatku sakanca kepengin reresik, sawise boss-ku kapundhut, telung dina kepungkur merga serangan stroke. Nanging ora kanyana-nyana nalika nembe reresik meja, aku sakanca nemu amplop pitung iji ing laci nejane boss. Aku sakanca pandeng-pandengan merga kaget. Pak Wanto gegancangan nutup lawang. Ancase supaya kanca-kanca liyane ora pada ngreti.
“ Amplop-amplop iki mesthi saka rekanan, minangka pelicin supaya ketekan sedyane entuk jatah proyek “ karo muni ngono Mulyono, kancaku sing njabat Kepala TU ing kantorku mbukak salah sijine amplop sing mawa cap CV. Bangun Mandiri iku. Nalika amplop dibukak, jebul ana dhuwite atusan ewon cacah lima. We lha, jebule boss-ku iki ya doyan dhuwit temenan. Dhuwit samono iku kanggoku padha karo blanjaku setengah wulan, grenengku ing batin.
“ Kanca-kanca nasib kita dina iki pancen mujur. Awake dhewe ditingali warisan dening boss “ kandhane Mulyono karo mbukak amplop liyane.
“ Aja kesusu dibukak dhisik ! Iki ngono dudu warisan, nanging dhuwit panas, Kejaba kuwi sing duwe hak mbukak amplop-amplop iki kudune keluwargane boss, dudu awake dhewe “ kandhaku rada sengol.
“ Kowe aja kremesik Rus ! Dhuwit iki ditemokake ing kantor, ora ning njero omahe boss. Dadi ora ana sangkut paute karo keluargane boss. Kejaba kuwi awake dhewe iki nemu ora nyolong ‘ ujare Purwanto.
“ Ning iki ya padha wae karo nyolong ! Merga wis cetha yen amplop-amplop iki kita temokake ing lacine boss. Mula, kita kudu masrahake dhuwit iki marang ahli warise boss “
“ Yen ngono saiki voting wae sapa sing ora setuju dhuwit iki dibagi ? usuile Mulyono.
“ Ora usah nganggo voting-votingan barang ! Aku wis ngreti yen awakmu karo Pak Wanto pengin mlik amplop-amplop iki, Sorry, aku ora bisa nampa dhuwit sing tanpa nganggo ngetokake kringetku dhewe. Nanging aku kepengin ngreti pira gunggunge dhuwit sing ana ing njero amplop-amplop iku. Mula sadurunge aku metu saka ruangan iki, aku kepenging ngreti awakmu lan Pak Wanto ngetung isine amplop dhisik “
Kaya mestas diwekasake wong loro banjur padaha rebutan mbukaki amplop. Karo ngenteni kancaku loro iku ngetung dhuwit, sakeplasan aku kelingan boss-ku sing dhek pitung dina kepungkur isih bregas waras. Ora ana tandha-tandha yen boss-ku mau arep nemahi musibah. Malah boss-ku mau pitung dina kepungkur isih kober mimpin rapat staf.
Lamat-lamat isih tak tak rungu pangandikane boss-ku nalika paring pengarahan marang para karyawan. Nalika iki bossku dhawuh mengkene, “ Ing era otonomi daeah iki kita kudu tansah bisa ngrespon kabeh obah-mosike jaman. Krisis moneter wis nuwuhake ontran-ontran kang nyuda kapitayane masyarakat marang pemerintah. Iki ateges kita kabeh minangka abdi negara laan abdi masyarakat otra bisa uwal saka panyorote masyarakat. Kita kudu bisa ngowahi pemikiran kita kang monosentris dadi heterosentris. Paradigma lawas kang wis ngoyot ing sanubari kita kudu enggal kita singkirake. Mangga kita papag tekane era reformasi kanthi makarya saiyeg- saeka praya lan kita kuudu cancut taliwanda lan padha nyingkirake ptraktek-praktek KKN kang wis ngoyot lan ngocar-ngacirake sendi-sendi pemerintahan kita ‘
Ah, kelingan kabeh pangandikane boss-ku mau, jebul ketok temenan saiki apa sing ditindakake dening boss-ku mau wis slenca banget karo sing dingendikakake dhewe. Kabeh sing dingendikakae jebul mung semu lan kamuflase. Ing ngarepe para karyawan ketoke sarwa disiplin lan jujur, nanging tibake iya kalebu pejabat sing doyan dhuwit.
“ rata-rata isine limangatus ewu rupiah, nanging ana amplop papat sing saben amplop isine sayuta rupiah “ kandhane Purwanto mbutarake pangangen-angenku.
“ Dadi kabeh gunggunge pira ?“
“ Wolung yuta rupiah “
“ Wolung yuta ? “ pitakoknku kaget.
“ Saiki piye Rus ? Awakmu wis eklas tenan ora nampa dhuwit bageyan ? Lumayan lho Rus kena kanggo tuku VCD lan bisa kanggo ngganti TV-mu sing mung 12 inc “
“ Krungu tembunge mulyono sing sengak iku aku nyoba ngempet emosi. Awit, yen aku ora sabar Mulyono sing seneng clometan iki mesthi wis tonyo temenan. Nanging ora ana paedahe gegeran karo wong sing kaya Mulyono iku. Menang, ya tiwas ora kondhang, lan yen kalah malah ngisin-ngisini.
“ Saiki terserah karo awakmu sakloron. Arep kok pek kabeh dhuwit karam iki , aku ora urusan ‘
“ Aja kesusu nolak dhisik ta Rus. Dipikir dhisik klawan ati menep. Golek dhuwit rong yuta setengah iku ora gampang lho. Yen awake dhewe nyilih dhuwit nyang koperasi wae kudu nganaki. Saiki ana dhuwit teka dhewe kok mbok tolak “
“ Ora usah mbujuk aku, percumah.Aku ora bakal kapilut sanadyan mbok bagei separo utawa mbok ulungna kabeh dhuwit sing mawa wisa iku “
“ Dadi awakmu wis eklas tenan ? “
“ Wis, aku ora bakal ndilat idu sing wis dak lepeh. Nanging aku pesen marang awakmu sakloron. Dhuwit iku kena mbok bagi wong loro, nanging aja lali karo kanca-kanca liyane; merga kanca-kanca liyane uga butuh kesejahteraan “
“ Bubar muni ngono aku terus metu saka ruangan ninggalake kancaku loro sing lagi blerengen mripate weruh dhuwit panas iku. Ing batin aku ngucapake rasa syukur marang Gusti Kang Maha Wikan kang wis menehi kekuwatan saengga aku bisa uwal saka pambujuke iblis kang sedya ngglewarake imanku.
Wewadi iku tetep tak jaga. Siji-sijiya kancaku ora ana sing ngreti bab ‘amplop” kasebut. Merga aku wis kadhung janji ing ngarepe Mulyono lan Purwanto yen saguh nyimpen wadine wong loro mau. Semono uga marang keluargaku , wewadi mau uga tetep tak jaga rapet, aja nganti metu saka ngomah. Awit aku kuwatir yen kabar ala mau bakal ngambra-ambra.
Suwalike, sikepe Mulyono lan Purwanto marang aku dadi becik, nadyan becike iku mung merga kepeksa. Aku maklum yen sikepe kaya mengkono. Merga aku ngerti yen wong loro iku wedi menawa sawayah-wayah aku mbongkar wewadine. Iku tegese yen wong loro iku bakal lingsem temenan merga kawiyak patrape kang ora bener.
Nanging aku pancen rada gela karo Mulyono lan Purwanto. Wong loro iku ketoke wis mblenjani janji. Dhuwit wolung tuta kang ditemokake ing lacine boss mung dikakahi wong loro. Kudune Mulyono lan Purwanto eling marang kanca-kanca. Senadyan dhuwit iku ora genah asal-usule, para karyawan liyane rak ya melu nyangga dosane yen sithik-sithik diciprati. Nanging dhasare pancen rakus, senadyan wis dadi pejabat, ya isih tetep nggrangsang, ora eling karo wong cilik, sing penting wetenge dhewe wareg.
Nanging saeba kagetku, telung dina sawise kedadeyan iku Mulyono dilan nyang omahku. Aku krasa yen tekane Mulyono sore iku ngawa perkara sing wigati. Sawise tak bagekake, Mulyono banjur ngrogoh sake. Saka njero sak clana ddheweke ngetokake bungkusan putih wangune kaya amplop. Bareng buntelan mau didokok ing meja aku nembe yakin yen buntelan mau pancen amplo[p. Nalika tak tamatake,amplop kandel sing ditaleni nganggo karet gelang iku jebule isine dhuwit.
“ Aku njaluk ngapura Rus ! Dhuwit iki isih wutuh durung trak kapak-kapakake “ kandhane Mulyono sawise nyelehake amplop mau ana ing meja.
“ Aku kok durung mudheng, awakmu kok njaluk ngapura karo aku salahmu apa ? “ Terus dhuwit sing kok dokok meja iki dhuwite sapa ? “
“ Iki dhuwit sing kita temokake ing lacine boss kae, aku wani sumpah Rus ! Dhuwit iki isih wutuh, durung tak longi sasen-sena “
“ Terus apa hubungane dhuwit iki karo aku ? Kok ujug-ujug awakmu teka mrene ? “
“ Aku dadi buingung wae lho Rus ! Saben mbengi aku ora bisa turu. Merga saka rumangsaku almarhum iku saben mbengi mrimpeni aku terus ‘
“ Terus karepmu kepriye ? “
“ Ayo, saiki aku terna nyang daleme boss.Dhuwit iki arep tak serahake marang kulawargane “
“ O ngono ? Terus gunggunge kabeh pira ? “
“ Patang yuta “
“ Lha sing patang yuta liyane ? “
“ Ya digawa Purwanto, nanging iku urusane Purwanto. Wong dhuwite iku wis ditanjakake kanggo imbuh tuku sepedah montor. Mula sing patang yuta ora usah diungkit-ungkit maneh. Aturna marang kulawargane Pak Boss yen dhuwit sing kita temokake ya mung patang yuta iki “
Sore iku uga aku lan Mulyono sid sowan nyang daleme Boss almarhum. Daleme pancen rada adoh, udakara patang kilo meter saka omahku. Nanging durung nganti skilo anggonku mara mrana, sepedha montor sing tak tunpaki karo Mulyono diendheg dening kancaku tunggal sekantor.
“ Arep menyang ngendi iki ? “ pitakone Ripto sajak gugup.
“ Arep mlaku-mlaku “ wangsulane Mulyono goroh.
“ Lho apa awakmu durung krung yen.....”
“ Ana apa Rip ? pitakonku rada kaget.
“ Lho piye ta iki PakPurwanto......”
“ Pak Purwanto ana apa ? “
“ Nalaika mulih saka kantor mau kecelakaan....’
“ Kondisine priye ? “
“ Durung sadar saiki isih ana ICU “
Krungu critane Ripto, aku lan Mulyono mung bisa pandeng-pandengan.......’


Kadho
Dening : Kang Idrus

Kabar Pak Bupati arep ngadhani pesta ‘ kawin perak ” wis sumebar ing saindhenging kabupaten. Kertu undhangan wis disebarake seminggu kepungkur. Nanging sadurunge adicara kasebut dilaksanakake, para pejabat, rekanan sarta para karyawan sing mentas nampa undangane Pak Bupati wis okeh sing padha kirim kadho nyang dalem dines-e Pak Bupati. Kadho kang dikirimake jinise maneka warna, wiwit saka perabotan saka kayu jati, tv, sarta kadho kang dibungkus nganggo kerdhus gedhe kang dilapisi kertas maneka warna,
Dening ajudane Pak Bupati , kadho-kadho kasebut ditata tharik-tharik ing pendhapa kabupaten, Kadho sing entheng-entheng digawa mlebu nyang dalem dinese. Dene sing abot-abot diumbar ana ing pendapa kabupaten,
“ Wis kana ditata ning kamar dhisik, aja lali dicathethi asmane sing kirim kadho kasebut “ ngendikane Bu Anjar sisihane Pak Bupati.
“ Inggih, Bu, sing wonten njawi kula mboten kiyat, Bu, awit awrat sanget “ wangsulane Pak Sanjoyo, kang wis 3 taun dipercaya dadi ajudhane Pak Bupati.
“ Lha sing isih ana njaba apa wae ? “
“ Rupi-rupi, Bu wonten kulkas, lemantun, Tv , buffet lan taksih kathah malih bu, awit dipun bungkus ngangge kerdhus ageng ngantos kula mboten kiyat mbeta mlebet “
“ Ya wis ben ana njaba dhisik sesuk-sesuk yen ana kanca dilebokake bareng-bareng, lan saiki tulung papan sing kanggo sapatemon sesuk ditata sing apik pokoke para tamu aja nganti kuciwa “
“Inggih Bu pokokipun njenengan enjang-enjang ngertos bares rak empun “
“ Ya wis pokoke tak pasrahake sampeyan lho, Pak ! ‘
Tanpa mangsuli Pak Sanjoyo terus mlayu metu. Lagi wae dheweke metu saka pendhapa dalem kabupaten, Pak Sanjoyo weruh sepeda montor mandheg ing ngarep pendhapa. Sepedha montor ireng merek GL.Pro kasebut sing numpaki nom-noman kang umure udakara 25 tahunan. Yen ndeleng penampilane, nom-noman kang nganggo celana jean biru sarta ndhuwuran kaos werna ireng kasebut sawijining mahasiswa
“ Nyuwun sewu Pak menika titipan kagem Bapak “ karo muni ngono nom-nom kasebut ngulungake kadho kang dibungkus nganggo kertas werna soklat.
“ Panjenengan sinten nggih ? “ pitakone Pak Sanjoyo cekak.
“ Wonten nglebet sampun wonten kertu asmanipun Pak“
Tanpa bosa-basi maneh Pak Sanjaya nampani kadho kang diulungake dening nom-noman misterius mau. Bubar nampani kadho kasebut Pak Sanjoyo rada ngungun merga kadho kang diulungake dening nom-noman mau ora kaya kadho-kadho liyane, Ndeleng bungkunse wae wis ora madolna. Mosok menehi kado bupati kok dibungkus nganggo kertas samak werna soklat sing umume kanggo samak buku. Nanging dibantah dhewe dening Pak Sanjoyo, Lha iya wong rejeki kok ditolak. Senadyan bungkuse elek, sapa ngerti isine barang pengaji?
Pak Sanjoyo banjur mlebu maneh karo nggawa kadho kasebut terus diaturake marang Bu Anjar.
“ Kadho saka ngendi maneh iku , Pak ? “
“ Duka Bu, kala wau ingkang maringake nem-neman ‘
“ Lha ora mbok takoni asmane ngono ‘
“Sampun kula tangleti, piyambake namung sanjang menawi teng lebet sampun wonten kertu naminipun. Bu Anjar nampani kadho saka Pak Sanjoyo banjur nyoba nggoyog-oyog kadho kasebut karo nggremeng.
“ Alah paling isine bala pecah “
“Ampun ningali bungkusipun lho Bu, sinten sing ngertos isinipun barang pengaji ? “
“ Pengaji apa ? wis bukak kono mengko yen barang pengaji peken “
“ Ampun ngaten Bu ! Menika rak kadho kagem Bapak tuwin Ibu. Prayoginipun matur Bapak rumiyin, Kejawi punika mbikakipun ingkang leres rak bakda gadhah damel ?“
“ Halah kok ndadak ngenteni bar duwe gawe barang, wong jelas isine paling-paling ra mbejaji ! “
Durung rampung anggone rembugan, Pak Bupati miyos saka njero kamar karo ngendika
“ Kok padha usreg iku ngrembug apa ? “
“ Mboten ngrembag menapa-menapa Pak ! Menika lho nembe ngetang kadho saking andhahanipun Bapak “
“ Wis ana pira cacahe ? “
“ Sedaya wonten sekawan dasa gangsal “
“ Ya wis ! Aja lali dicatheti kabeh sapa sing ngirim lan alamate ngendi uga dicathet “
“ Inggih Pak ! Menika wau kula kaliyan Ibu nembe raos-raos bab kadho ingkang nyalawadi “
“ Nyalawadi piye ? Omonganmu kok ngeget-egeti ! “
“ Niki wau kula kaliyan Ibu rak bakda raos-raos bab kadho ingkang nyleneh ! “
“ Nyleneh kepriye ? Omongan kok ora jelas ! “
“Nyuwun duka Pak, kala wau wonten sawijining nem-neman nitih sepedha montor honda maringaken kadho menika “ kandhane Pak Sanjoyo karo ngulungake kadho marang Pak Bupati.
“ Terus sing aneh apa ?”
“Bungkusipun menika rak mboten pantes menawi kagem Bapak “ wangsulane Pak Sanjoyo karo mesem “
“ Iku rak sampeyan sing ngomong, kanggone sing menehi mbok menawa wis dianggep pantes. Mula ora usah digawe susah, bener ibumu sing penting niyate lan isine. Yen sampeyan ra mentala nyawang, ya wis diasta kondur wae “
“ Ah mboten sisah, pak , tiyang ingkang ngasta kadho kala wau ngendika kagem Bapak “
“ Ora papa , wis ta diasta kondur kanggo oleh-oleh Bu Sanjoyo “
“ Ampun ngaten Pak ! Kadho menika rak hakipun panjenengan kaliyan ibu, lan ibu kala wau sanjang, sinten sing ngertos menawi isinipun barang pengaji ? “
“ Ya wis saiki tulung bungkusan iku dibukak saiki wae.Nanging sing ati-ati sapa ngerti isine bom “ ngendikane Pak Bupati karo mesem.
“ Ah Bapak menika kok malah ngendika mekaten, kula malah mboten wantun mbukak !“
“ Ya wis yen pancen isine barang pengaji, sampeyan mesthi tak bagehi ”
Pak Sanjoyo wis ora sabar maneh kepengin ndang ngerteni isine kadho kasebut. Kanthi ati-ati dheweke nyuweki kertas bungkus kadho kang wernane soklat iku. Bareng bungkus kadho kasebut dibukak, wong telu padha kaget.
“ Isinipun namung kaca pengilon, Pak “ kandhane Pak Sanjoyo karo ngilo terus ngguyu kemekelen merga ndeleng rupane dhewe. Weruh pak Sanjoyo ngguyu kemekelen Pak Bupati lan sisihane uga melu ngguyu kepingkel-pingkel.
“ Yen ngono bejamu, Pak, ya wis yen ngono digawa kondur wae, wong ning njero wis okeh kaca pengilon “ ngendikane Pak Bupati karo isih gumujeng.
“ Mboten ah Pak, kula teng nggriya nggih mpun gadhah malah langkung sae. Lan malih menika rak kadho kagem Pak Bupati. “ wangsulane Pak Sanjoyo karo ngulungake kaca pengilon kasebut. Pak Bupati banjur nampani kaca pengilon terus dinggo ngilo. Bubar kuwi Pak Bupati ngendika
“ Ngadho bupati kok mung trima kaca pengilon, karepe piye ? “
“ Ya karepe sing menehi, Bapak dikon ngilo saben dina “ wangsulane Bu Anjar, garwane pak bupati karo gumujeng. Sawatara iku Pak Sanjoyo mung temenggengen mirsani Pak Bupati nyawang pasuryane piyambak. Bubar kuwi Pak Bupati mlebu nyang kamar karo mesem kecut...............”


S P J
Dening : Rusdi Chaerudin

Sakjane aku wegah didadekna bendahara kantor. Nanging Pak Sugiharto kepala kantorku meksa supaya aku nyekel jabatan bendahara. Alesane, aku bisa migunakake computer lan aku wis pengalaman dadi bendahara. Wis makaping-kaping tak tolak, nanging atasanku tetep meksa supaya aku gelem dadi bendahara. Olehku nolak merga tahun anggaran kepungkur aku wis dadi bendahara. Karepku mono ben gentenan, ora aku terus sing dadi bendahara. Kejaba kuwi kancaku okeh sing meri karo aku.
Ngertine dadi bendahara iku kepenak, yen ana turahan dum-dumane mesthi okeh dhewe. Dheweke ora mikir, dadi bendahara iku puyeng sirahe. Merga saben akhir tahun anggaran kudu nggawe surat pertanggungjawaban utawa SPJ. Ya iku sing marahi sirahku ngelu, merga aku kudu pinter ngegah-eguh mlebu metune dhuwit kantor supaya entuk turahan, terus bisa ngeguhna kesejahteraane kanca-lanca.
“ Pak, kula mpun kesel dados bendahara ! Menawi saged kula dipun gentos kemawon “ kandhaku marang Pak Sugiharto
“ Ora bisa Sri, awakmu sing wis pengalaman. Nek diganti malah kaco mengko, kejaba kuwi ndadak marahi barang. Nek awakmu rak wis biasa nggawe SPJ ‘ wangsulane Pak Sugiharto.
“ Mesthinipun ingkang sae gentosan, Pak. Supados sedaya karyawan gadhah pengalaman dados bendahara “
“ Ora merga iku Sri, awakmu rak wis mumpuni dadi ora ndadak marahi barang. Kejaba kuwi urusan dhuwit iku ora gampang. Ana bab-bab sing kudu dirahasiakna. Pokoke aku njaluk tulung karo awakmu, setahun iki wae sampeyan nyekel bendahara.
“ Nanging kanca-kanca senesipun sami meri lho pak, mila kula nyuwun prei dados bendahara “ wangsulanku ngotot. Nanging Pak Sugiharto tetep meksa aku supaya aku tetep gelem dadi bendahara kantor.
“ Nanging saestu lho Pak ,taun ngajeng kula nyuwun dipun gentos ‘
“ Ya Sri aja kuwatir ,wong taun ngarep aku kira-kira dimutasi ing instansi liya “
“ Wah promosi nggih Pak ? “
“Ya dongakna wae , muga-muga eselonku mundhak “
Aku rada kaget krungu Pak Sudiharto ngendika kaya ngono. Sing tak gumuni kok Pak Sugiharto mireng yen piyambake arep dimutasi? Kamangka jabatan iku sawaijining” rahasia kedinasan ‘ dadi ora angger karyawan bisa ngerti utawa krungu yen bakal dimutasi utawa antuk promosi jabatan. Nanging yen tak wolak-walik ya ana benere. Merga jaman saiki jabatan iku bisa dituku,
Sapa wae bisa mundhak eselone, angger ,gelem mbayar utawa sowan karo Pak Bupati. Utawa liwat makelar utawa pejabat sing cedhak karo Pak Bupati. Contone akeh, kancaku sing sakbaraanku wis padha entuk jabatan kabeh. Kari awakku nganti seprene isih dadi staf. Kamangka pangkat pendidikanku lan masa kerjaku wis memenuhi syarat. Nanging yen tak gagas iku merga kesalahanku dhewe merga aku ora gelem tuku jabatan. Olehku ora gelem merga aku ora ambisi antuk jabatan. Kanggoku jabatan iku diukur nganggo prestasi, ora kudu nganggo dhuwit.
Nanging sakwijining wektu aku kaget nalika Pak Sugiharto nyedhaki aku karo ngendika,
“ Sri suk Kemis Bawasda arep inspeksi nyang kantore dhewe, mula SPJ-ne ndang dirampungake ya “
“ Lho, Pak menika rak dereng wancine pemeriksaan ? Yen mbenjang Kemis dipun priksa kula dereng siap, awit SPJ-nipun dereng dados,kejawi menika sedaya kuitansi pengeluaran saking seksi-seksi dereng sami mlebet “
“ Kuitansi apa wae sing durung ana ? “
“ Kathah, Pak !, antawisipun kuitansi alat tulis kantor, kuitansi snek, kuitansi dokumentasi kangge kegiatan sisialissi, ugi SPPD dereng sami mlebet sedaya”
“ Sri, yen kegiatan kanggo sosialisasi sabenere fiktif, dadi awakmu kudu pinter ngeguhna golek kuitansi snek lan dokumentasi mengko soal SPPD ben diurusi TU “ Krungu ngendikane Pak Sugiharto sakala aku njomblak.
“ Pak, dados bendahara niku mpun awrat kok malah dipun utus pados kuitansi fiktif. Kula mboten saged nglampahi , pak ! Panjenengan pasrahaken kaliyan bagian TU kemawon ingkang ngrancang kegiatan menika. Oo inggih Pak kula kesupen, rumiyin njenengan nate nyuwun arta kula kangge mundhut ban mobil dines kaliyan servis kuitansinipiun inggih dereng pamjenengan paringaken “
“ Oh ya aku lali ketokake tak simpen ana laciku ya wis sesuk-swsuk tak golekane “ Karo ngendika ngono Pak Sugiharto banjur ninggalalake aku terus mlebu nyang ruang kerjane.
Sapungkure Pak Sugiharto aku banjur thenger-thenger mikirake tugasku sing abot lan ndadekake sirahku mumet. Kadhang-kadhang aku rumangsa anggonku mergawe iki ora ana sing bener lan slenca karo kareping atiku. Apamaneh yen ngilingi tugasku minangka bendaharawan, aku rumangsa kebak dosa. Nanging kabeh mau kepeksa tak lakoni merga kepepet.
Awit sajujur-sajure dadi bendaharawan kantor iku sithik okeh mesthi korupsi. Apa maneh yen nyangkut bab SPJ, rata-rata olehe nggawe SPJ dhengkulan. Anggaran kang wis direncanakake kaya-kaya dilaksanake nanging okeh sing di “mark up ‘ dadi pametune dhuwit ora cocok karo kegiatan kang dilaksanakake.
Contone okeh, nanging sing paling gampang yaiku Surat Perintah Perjalanan Dinas kang disingkat SPPD. Yaiku sawijining surat kang isine mrentahake sawijining pegawai utawa pejabat supaya nekani sawijining kegiatan ing panggonan tertamtu. Nanging prakteke okeh sing fiktif. Sing penting SPPD kasebut ditandhatangani sawijining pejabat tertamtu kang ditekani. Contone yen pejabat kabupaten mara nyang kantor kecamatan tujuane ya mung njaluk tanda tangan thok. Sing penting wis entuk stempel kecamatan. Bubar kuwi terus mulih nyang kantor maneh diwenehake nyang bendahara terus entuk ijol minangka gantine beya transportasi. Kang temtune luwih gedhe tinimbang beya transportasi sakbenere.
Nanging rasa kuwatir tetep ngganjel ing batinku. Awit minangka bendaharawan aku tetep ora bisa uwal saka tanggung jawab. Awit nalika aku melu pelatihan bendaharawan, tutor kang menehi pelatihan nate nerangake yen tanggung jawab bendaharawan iki iku tanggung jawab pribadi dudu tangung jawab institusi. Dadi yen ana penyimpangan, sing dadi penangungjawab ya bendharawan dhewe dudu tanggungjawabe atasane langsung.
Mula yen kelingan bab iku pikiranku sakala bingung. Merga SPJ sing tak tata iki kabeh asil kebikajaksaan pimpinan, dudu asil rekayasaku dhewe.Mula nalika ana pemeriksaan, sewengi aku ora bisa turu. Merga aku ngerti SPJ sing bakal tak pertanggungjawabake iki okeh sing dhengkulan.
Nanging apa sing tak kuwatirake iki tibake ora dadi kasunyatan. Awit nalika bawasda nganakake pemeriksaan ing instansiku, tim pemeriksa ora nemokake bukti-bukti anane penyimpangan. Rampung pemeriksaan pikiranku dadi lega. Nanging isih ana pitakonan kang isih ngganjel ing atiku. Apa bener kabeh mau merga olehku nggawe SPJ wis sampurna utawa apa merga tim pemeriksa diamplopi dening pimpinanku ??



( Kiriman : Rusdi Chaerudin Desa Kabongan kidul RT.05 RW IV Kecamatan Rembang Kabupaten Rembang Jawa Tengah )