A M P L O P
Aku lan kancaku loro mlebu ing ruwang kerjane Boss. Niyatku sakanca kepengin reresik, sawise boss-ku kapundhut, telung dina kepungkur merga serangan stroke. Nanging ora kanyana-nyana nalika nembe reresik meja, aku sakanca nemu amplop pitung iji ing laci nejane boss. Aku sakanca pandeng-pandengan merga kaget. Pak Wanto gegancangan nutup lawang. Ancase supaya kanca-kanca liyane ora pada ngreti.
“ Amplop-amplop iki mesthi saka rekanan, minangka pelicin supaya ketekan sedyane entuk jatah proyek “ karo muni ngono Mulyono, kancaku sing njabat Kepala TU ing kantorku mbukak salah sijine amplop sing mawa cap CV. Bangun Mandiri iku. Nalika amplop dibukak, jebul ana dhuwite atusan ewon cacah lima. We lha, jebule boss-ku iki ya doyan dhuwit temenan. Dhuwit samono iku kanggoku padha karo blanjaku setengah wulan, grenengku ing batin.
“ Kanca-kanca nasib kita dina iki pancen mujur. Awake dhewe ditingali warisan dening boss “ kandhane Mulyono karo mbukak amplop liyane.
“ Aja kesusu dibukak dhisik ! Iki ngono dudu warisan, nanging dhuwit panas, Kejaba kuwi sing duwe hak mbukak amplop-amplop iki kudune keluwargane boss, dudu awake dhewe “ kandhaku rada sengol.
“ Kowe aja kremesik Rus ! Dhuwit iki ditemokake ing kantor, ora ning njero omahe boss. Dadi ora ana sangkut paute karo keluargane boss. Kejaba kuwi awake dhewe iki nemu ora nyolong ‘ ujare Purwanto.
“ Ning iki ya padha wae karo nyolong ! Merga wis cetha yen amplop-amplop iki kita temokake ing lacine boss. Mula, kita kudu masrahake dhuwit iki marang ahli warise boss “
“ Yen ngono saiki voting wae sapa sing ora setuju dhuwit iki dibagi ? usuile Mulyono.
“ Ora usah nganggo voting-votingan barang ! Aku wis ngreti yen awakmu karo Pak Wanto pengin mlik amplop-amplop iki, Sorry, aku ora bisa nampa dhuwit sing tanpa nganggo ngetokake kringetku dhewe. Nanging aku kepengin ngreti pira gunggunge dhuwit sing ana ing njero amplop-amplop iku. Mula sadurunge aku metu saka ruangan iki, aku kepenging ngreti awakmu lan Pak Wanto ngetung isine amplop dhisik “
Kaya mestas diwekasake wong loro banjur padaha rebutan mbukaki amplop. Karo ngenteni kancaku loro iku ngetung dhuwit, sakeplasan aku kelingan boss-ku sing dhek pitung dina kepungkur isih bregas waras. Ora ana tandha-tandha yen boss-ku mau arep nemahi musibah. Malah boss-ku mau pitung dina kepungkur isih kober mimpin rapat staf.
Lamat-lamat isih tak tak rungu pangandikane boss-ku nalika paring pengarahan marang para karyawan. Nalika iki bossku dhawuh mengkene, “ Ing era otonomi daeah iki kita kudu tansah bisa ngrespon kabeh obah-mosike jaman. Krisis moneter wis nuwuhake ontran-ontran kang nyuda kapitayane masyarakat marang pemerintah. Iki ateges kita kabeh minangka abdi negara laan abdi masyarakat otra bisa uwal saka panyorote masyarakat. Kita kudu bisa ngowahi pemikiran kita kang monosentris dadi heterosentris. Paradigma lawas kang wis ngoyot ing sanubari kita kudu enggal kita singkirake. Mangga kita papag tekane era reformasi kanthi makarya saiyeg- saeka praya lan kita kuudu cancut taliwanda lan padha nyingkirake ptraktek-praktek KKN kang wis ngoyot lan ngocar-ngacirake sendi-sendi pemerintahan kita ‘
Ah, kelingan kabeh pangandikane boss-ku mau, jebul ketok temenan saiki apa sing ditindakake dening boss-ku mau wis slenca banget karo sing dingendikakake dhewe. Kabeh sing dingendikakae jebul mung semu lan kamuflase. Ing ngarepe para karyawan ketoke sarwa disiplin lan jujur, nanging tibake iya kalebu pejabat sing doyan dhuwit.
“ rata-rata isine limangatus ewu rupiah, nanging ana amplop papat sing saben amplop isine sayuta rupiah “ kandhane Purwanto mbutarake pangangen-angenku.
“ Dadi kabeh gunggunge pira ?“
“ Wolung yuta rupiah “
“ Wolung yuta ? “ pitakoknku kaget.
“ Saiki piye Rus ? Awakmu wis eklas tenan ora nampa dhuwit bageyan ? Lumayan lho Rus kena kanggo tuku VCD lan bisa kanggo ngganti TV-mu sing mung 12 inc “
“ Krungu tembunge mulyono sing sengak iku aku nyoba ngempet emosi. Awit, yen aku ora sabar Mulyono sing seneng clometan iki mesthi wis tonyo temenan. Nanging ora ana paedahe gegeran karo wong sing kaya Mulyono iku. Menang, ya tiwas ora kondhang, lan yen kalah malah ngisin-ngisini.
“ Saiki terserah karo awakmu sakloron. Arep kok pek kabeh dhuwit karam iki , aku ora urusan ‘
“ Aja kesusu nolak dhisik ta Rus. Dipikir dhisik klawan ati menep. Golek dhuwit rong yuta setengah iku ora gampang lho. Yen awake dhewe nyilih dhuwit nyang koperasi wae kudu nganaki. Saiki ana dhuwit teka dhewe kok mbok tolak “
“ Ora usah mbujuk aku, percumah.Aku ora bakal kapilut sanadyan mbok bagei separo utawa mbok ulungna kabeh dhuwit sing mawa wisa iku “
“ Dadi awakmu wis eklas tenan ? “
“ Wis, aku ora bakal ndilat idu sing wis dak lepeh. Nanging aku pesen marang awakmu sakloron. Dhuwit iku kena mbok bagi wong loro, nanging aja lali karo kanca-kanca liyane; merga kanca-kanca liyane uga butuh kesejahteraan “
“ Bubar muni ngono aku terus metu saka ruangan ninggalake kancaku loro sing lagi blerengen mripate weruh dhuwit panas iku. Ing batin aku ngucapake rasa syukur marang Gusti Kang Maha Wikan kang wis menehi kekuwatan saengga aku bisa uwal saka pambujuke iblis kang sedya ngglewarake imanku.
Wewadi iku tetep tak jaga. Siji-sijiya kancaku ora ana sing ngreti bab ‘amplop” kasebut. Merga aku wis kadhung janji ing ngarepe Mulyono lan Purwanto yen saguh nyimpen wadine wong loro mau. Semono uga marang keluargaku , wewadi mau uga tetep tak jaga rapet, aja nganti metu saka ngomah. Awit aku kuwatir yen kabar ala mau bakal ngambra-ambra.
Suwalike, sikepe Mulyono lan Purwanto marang aku dadi becik, nadyan becike iku mung merga kepeksa. Aku maklum yen sikepe kaya mengkono. Merga aku ngerti yen wong loro iku wedi menawa sawayah-wayah aku mbongkar wewadine. Iku tegese yen wong loro iku bakal lingsem temenan merga kawiyak patrape kang ora bener.
Nanging aku pancen rada gela karo Mulyono lan Purwanto. Wong loro iku ketoke wis mblenjani janji. Dhuwit wolung tuta kang ditemokake ing lacine boss mung dikakahi wong loro. Kudune Mulyono lan Purwanto eling marang kanca-kanca. Senadyan dhuwit iku ora genah asal-usule, para karyawan liyane rak ya melu nyangga dosane yen sithik-sithik diciprati. Nanging dhasare pancen rakus, senadyan wis dadi pejabat, ya isih tetep nggrangsang, ora eling karo wong cilik, sing penting wetenge dhewe wareg.
Nanging saeba kagetku, telung dina sawise kedadeyan iku Mulyono dilan nyang omahku. Aku krasa yen tekane Mulyono sore iku ngawa perkara sing wigati. Sawise tak bagekake, Mulyono banjur ngrogoh sake. Saka njero sak clana ddheweke ngetokake bungkusan putih wangune kaya amplop. Bareng buntelan mau didokok ing meja aku nembe yakin yen buntelan mau pancen amplo[p. Nalika tak tamatake,amplop kandel sing ditaleni nganggo karet gelang iku jebule isine dhuwit.
“ Aku njaluk ngapura Rus ! Dhuwit iki isih wutuh durung trak kapak-kapakake “ kandhane Mulyono sawise nyelehake amplop mau ana ing meja.
“ Aku kok durung mudheng, awakmu kok njaluk ngapura karo aku salahmu apa ? “ Terus dhuwit sing kok dokok meja iki dhuwite sapa ? “
“ Iki dhuwit sing kita temokake ing lacine boss kae, aku wani sumpah Rus ! Dhuwit iki isih wutuh, durung tak longi sasen-sena “
“ Terus apa hubungane dhuwit iki karo aku ? Kok ujug-ujug awakmu teka mrene ? “
“ Aku dadi buingung wae lho Rus ! Saben mbengi aku ora bisa turu. Merga saka rumangsaku almarhum iku saben mbengi mrimpeni aku terus ‘
“ Terus karepmu kepriye ? “
“ Ayo, saiki aku terna nyang daleme boss.Dhuwit iki arep tak serahake marang kulawargane “
“ O ngono ? Terus gunggunge kabeh pira ? “
“ Patang yuta “
“ Lha sing patang yuta liyane ? “
“ Ya digawa Purwanto, nanging iku urusane Purwanto. Wong dhuwite iku wis ditanjakake kanggo imbuh tuku sepedah montor. Mula sing patang yuta ora usah diungkit-ungkit maneh. Aturna marang kulawargane Pak Boss yen dhuwit sing kita temokake ya mung patang yuta iki “
Sore iku uga aku lan Mulyono sid sowan nyang daleme Boss almarhum. Daleme pancen rada adoh, udakara patang kilo meter saka omahku. Nanging durung nganti skilo anggonku mara mrana, sepedha montor sing tak tunpaki karo Mulyono diendheg dening kancaku tunggal sekantor.
“ Arep menyang ngendi iki ? “ pitakone Ripto sajak gugup.
“ Arep mlaku-mlaku “ wangsulane Mulyono goroh.
“ Lho apa awakmu durung krung yen.....”
“ Ana apa Rip ? pitakonku rada kaget.
“ Lho piye ta iki PakPurwanto......”
“ Pak Purwanto ana apa ? “
“ Nalaika mulih saka kantor mau kecelakaan....’
“ Kondisine priye ? “
“ Durung sadar saiki isih ana ICU “
Krungu critane Ripto, aku lan Mulyono mung bisa pandeng-pandengan.......’
Kadho
Dening : Kang Idrus
Kabar Pak Bupati arep ngadhani pesta ‘ kawin perak ” wis sumebar ing saindhenging kabupaten. Kertu undhangan wis disebarake seminggu kepungkur. Nanging sadurunge adicara kasebut dilaksanakake, para pejabat, rekanan sarta para karyawan sing mentas nampa undangane Pak Bupati wis okeh sing padha kirim kadho nyang dalem dines-e Pak Bupati. Kadho kang dikirimake jinise maneka warna, wiwit saka perabotan saka kayu jati, tv, sarta kadho kang dibungkus nganggo kerdhus gedhe kang dilapisi kertas maneka warna,
Dening ajudane Pak Bupati , kadho-kadho kasebut ditata tharik-tharik ing pendhapa kabupaten, Kadho sing entheng-entheng digawa mlebu nyang dalem dinese. Dene sing abot-abot diumbar ana ing pendapa kabupaten,
“ Wis kana ditata ning kamar dhisik, aja lali dicathethi asmane sing kirim kadho kasebut “ ngendikane Bu Anjar sisihane Pak Bupati.
“ Inggih, Bu, sing wonten njawi kula mboten kiyat, Bu, awit awrat sanget “ wangsulane Pak Sanjoyo, kang wis 3 taun dipercaya dadi ajudhane Pak Bupati.
“ Lha sing isih ana njaba apa wae ? “
“ Rupi-rupi, Bu wonten kulkas, lemantun, Tv , buffet lan taksih kathah malih bu, awit dipun bungkus ngangge kerdhus ageng ngantos kula mboten kiyat mbeta mlebet “
“ Ya wis ben ana njaba dhisik sesuk-sesuk yen ana kanca dilebokake bareng-bareng, lan saiki tulung papan sing kanggo sapatemon sesuk ditata sing apik pokoke para tamu aja nganti kuciwa “
“Inggih Bu pokokipun njenengan enjang-enjang ngertos bares rak empun “
“ Ya wis pokoke tak pasrahake sampeyan lho, Pak ! ‘
Tanpa mangsuli Pak Sanjoyo terus mlayu metu. Lagi wae dheweke metu saka pendhapa dalem kabupaten, Pak Sanjoyo weruh sepeda montor mandheg ing ngarep pendhapa. Sepedha montor ireng merek GL.Pro kasebut sing numpaki nom-noman kang umure udakara 25 tahunan. Yen ndeleng penampilane, nom-noman kang nganggo celana jean biru sarta ndhuwuran kaos werna ireng kasebut sawijining mahasiswa
“ Nyuwun sewu Pak menika titipan kagem Bapak “ karo muni ngono nom-nom kasebut ngulungake kadho kang dibungkus nganggo kertas werna soklat.
“ Panjenengan sinten nggih ? “ pitakone Pak Sanjoyo cekak.
“ Wonten nglebet sampun wonten kertu asmanipun Pak“
Tanpa bosa-basi maneh Pak Sanjaya nampani kadho kang diulungake dening nom-noman misterius mau. Bubar nampani kadho kasebut Pak Sanjoyo rada ngungun merga kadho kang diulungake dening nom-noman mau ora kaya kadho-kadho liyane, Ndeleng bungkunse wae wis ora madolna. Mosok menehi kado bupati kok dibungkus nganggo kertas samak werna soklat sing umume kanggo samak buku. Nanging dibantah dhewe dening Pak Sanjoyo, Lha iya wong rejeki kok ditolak. Senadyan bungkuse elek, sapa ngerti isine barang pengaji?
Pak Sanjoyo banjur mlebu maneh karo nggawa kadho kasebut terus diaturake marang Bu Anjar.
“ Kadho saka ngendi maneh iku , Pak ? “
“ Duka Bu, kala wau ingkang maringake nem-neman ‘
“ Lha ora mbok takoni asmane ngono ‘
“Sampun kula tangleti, piyambake namung sanjang menawi teng lebet sampun wonten kertu naminipun. Bu Anjar nampani kadho saka Pak Sanjoyo banjur nyoba nggoyog-oyog kadho kasebut karo nggremeng.
“ Alah paling isine bala pecah “
“Ampun ningali bungkusipun lho Bu, sinten sing ngertos isinipun barang pengaji ? “
“ Pengaji apa ? wis bukak kono mengko yen barang pengaji peken “
“ Ampun ngaten Bu ! Menika rak kadho kagem Bapak tuwin Ibu. Prayoginipun matur Bapak rumiyin, Kejawi punika mbikakipun ingkang leres rak bakda gadhah damel ?“
“ Halah kok ndadak ngenteni bar duwe gawe barang, wong jelas isine paling-paling ra mbejaji ! “
Durung rampung anggone rembugan, Pak Bupati miyos saka njero kamar karo ngendika
“ Kok padha usreg iku ngrembug apa ? “
“ Mboten ngrembag menapa-menapa Pak ! Menika lho nembe ngetang kadho saking andhahanipun Bapak “
“ Wis ana pira cacahe ? “
“ Sedaya wonten sekawan dasa gangsal “
“ Ya wis ! Aja lali dicatheti kabeh sapa sing ngirim lan alamate ngendi uga dicathet “
“ Inggih Pak ! Menika wau kula kaliyan Ibu nembe raos-raos bab kadho ingkang nyalawadi “
“ Nyalawadi piye ? Omonganmu kok ngeget-egeti ! “
“ Niki wau kula kaliyan Ibu rak bakda raos-raos bab kadho ingkang nyleneh ! “
“ Nyleneh kepriye ? Omongan kok ora jelas ! “
“Nyuwun duka Pak, kala wau wonten sawijining nem-neman nitih sepedha montor honda maringaken kadho menika “ kandhane Pak Sanjoyo karo ngulungake kadho marang Pak Bupati.
“ Terus sing aneh apa ?”
“Bungkusipun menika rak mboten pantes menawi kagem Bapak “ wangsulane Pak Sanjoyo karo mesem “
“ Iku rak sampeyan sing ngomong, kanggone sing menehi mbok menawa wis dianggep pantes. Mula ora usah digawe susah, bener ibumu sing penting niyate lan isine. Yen sampeyan ra mentala nyawang, ya wis diasta kondur wae “
“ Ah mboten sisah, pak , tiyang ingkang ngasta kadho kala wau ngendika kagem Bapak “
“ Ora papa , wis ta diasta kondur kanggo oleh-oleh Bu Sanjoyo “
“ Ampun ngaten Pak ! Kadho menika rak hakipun panjenengan kaliyan ibu, lan ibu kala wau sanjang, sinten sing ngertos menawi isinipun barang pengaji ? “
“ Ya wis saiki tulung bungkusan iku dibukak saiki wae.Nanging sing ati-ati sapa ngerti isine bom “ ngendikane Pak Bupati karo mesem.
“ Ah Bapak menika kok malah ngendika mekaten, kula malah mboten wantun mbukak !“
“ Ya wis yen pancen isine barang pengaji, sampeyan mesthi tak bagehi ”
Pak Sanjoyo wis ora sabar maneh kepengin ndang ngerteni isine kadho kasebut. Kanthi ati-ati dheweke nyuweki kertas bungkus kadho kang wernane soklat iku. Bareng bungkus kadho kasebut dibukak, wong telu padha kaget.
“ Isinipun namung kaca pengilon, Pak “ kandhane Pak Sanjoyo karo ngilo terus ngguyu kemekelen merga ndeleng rupane dhewe. Weruh pak Sanjoyo ngguyu kemekelen Pak Bupati lan sisihane uga melu ngguyu kepingkel-pingkel.
“ Yen ngono bejamu, Pak, ya wis yen ngono digawa kondur wae, wong ning njero wis okeh kaca pengilon “ ngendikane Pak Bupati karo isih gumujeng.
“ Mboten ah Pak, kula teng nggriya nggih mpun gadhah malah langkung sae. Lan malih menika rak kadho kagem Pak Bupati. “ wangsulane Pak Sanjoyo karo ngulungake kaca pengilon kasebut. Pak Bupati banjur nampani kaca pengilon terus dinggo ngilo. Bubar kuwi Pak Bupati ngendika
“ Ngadho bupati kok mung trima kaca pengilon, karepe piye ? “
“ Ya karepe sing menehi, Bapak dikon ngilo saben dina “ wangsulane Bu Anjar, garwane pak bupati karo gumujeng. Sawatara iku Pak Sanjoyo mung temenggengen mirsani Pak Bupati nyawang pasuryane piyambak. Bubar kuwi Pak Bupati mlebu nyang kamar karo mesem kecut...............”
S P J
Dening : Rusdi Chaerudin
Sakjane aku wegah didadekna bendahara kantor. Nanging Pak Sugiharto kepala kantorku meksa supaya aku nyekel jabatan bendahara. Alesane, aku bisa migunakake computer lan aku wis pengalaman dadi bendahara. Wis makaping-kaping tak tolak, nanging atasanku tetep meksa supaya aku gelem dadi bendahara. Olehku nolak merga tahun anggaran kepungkur aku wis dadi bendahara. Karepku mono ben gentenan, ora aku terus sing dadi bendahara. Kejaba kuwi kancaku okeh sing meri karo aku.
Ngertine dadi bendahara iku kepenak, yen ana turahan dum-dumane mesthi okeh dhewe. Dheweke ora mikir, dadi bendahara iku puyeng sirahe. Merga saben akhir tahun anggaran kudu nggawe surat pertanggungjawaban utawa SPJ. Ya iku sing marahi sirahku ngelu, merga aku kudu pinter ngegah-eguh mlebu metune dhuwit kantor supaya entuk turahan, terus bisa ngeguhna kesejahteraane kanca-lanca.
“ Pak, kula mpun kesel dados bendahara ! Menawi saged kula dipun gentos kemawon “ kandhaku marang Pak Sugiharto
“ Ora bisa Sri, awakmu sing wis pengalaman. Nek diganti malah kaco mengko, kejaba kuwi ndadak marahi barang. Nek awakmu rak wis biasa nggawe SPJ ‘ wangsulane Pak Sugiharto.
“ Mesthinipun ingkang sae gentosan, Pak. Supados sedaya karyawan gadhah pengalaman dados bendahara “
“ Ora merga iku Sri, awakmu rak wis mumpuni dadi ora ndadak marahi barang. Kejaba kuwi urusan dhuwit iku ora gampang. Ana bab-bab sing kudu dirahasiakna. Pokoke aku njaluk tulung karo awakmu, setahun iki wae sampeyan nyekel bendahara.
“ Nanging kanca-kanca senesipun sami meri lho pak, mila kula nyuwun prei dados bendahara “ wangsulanku ngotot. Nanging Pak Sugiharto tetep meksa aku supaya aku tetep gelem dadi bendahara kantor.
“ Nanging saestu lho Pak ,taun ngajeng kula nyuwun dipun gentos ‘
“ Ya Sri aja kuwatir ,wong taun ngarep aku kira-kira dimutasi ing instansi liya “
“ Wah promosi nggih Pak ? “
“Ya dongakna wae , muga-muga eselonku mundhak “
Aku rada kaget krungu Pak Sudiharto ngendika kaya ngono. Sing tak gumuni kok Pak Sugiharto mireng yen piyambake arep dimutasi? Kamangka jabatan iku sawaijining” rahasia kedinasan ‘ dadi ora angger karyawan bisa ngerti utawa krungu yen bakal dimutasi utawa antuk promosi jabatan. Nanging yen tak wolak-walik ya ana benere. Merga jaman saiki jabatan iku bisa dituku,
Sapa wae bisa mundhak eselone, angger ,gelem mbayar utawa sowan karo Pak Bupati. Utawa liwat makelar utawa pejabat sing cedhak karo Pak Bupati. Contone akeh, kancaku sing sakbaraanku wis padha entuk jabatan kabeh. Kari awakku nganti seprene isih dadi staf. Kamangka pangkat pendidikanku lan masa kerjaku wis memenuhi syarat. Nanging yen tak gagas iku merga kesalahanku dhewe merga aku ora gelem tuku jabatan. Olehku ora gelem merga aku ora ambisi antuk jabatan. Kanggoku jabatan iku diukur nganggo prestasi, ora kudu nganggo dhuwit.
Nanging sakwijining wektu aku kaget nalika Pak Sugiharto nyedhaki aku karo ngendika,
“ Sri suk Kemis Bawasda arep inspeksi nyang kantore dhewe, mula SPJ-ne ndang dirampungake ya “
“ Lho, Pak menika rak dereng wancine pemeriksaan ? Yen mbenjang Kemis dipun priksa kula dereng siap, awit SPJ-nipun dereng dados,kejawi menika sedaya kuitansi pengeluaran saking seksi-seksi dereng sami mlebet “
“ Kuitansi apa wae sing durung ana ? “
“ Kathah, Pak !, antawisipun kuitansi alat tulis kantor, kuitansi snek, kuitansi dokumentasi kangge kegiatan sisialissi, ugi SPPD dereng sami mlebet sedaya”
“ Sri, yen kegiatan kanggo sosialisasi sabenere fiktif, dadi awakmu kudu pinter ngeguhna golek kuitansi snek lan dokumentasi mengko soal SPPD ben diurusi TU “ Krungu ngendikane Pak Sugiharto sakala aku njomblak.
“ Pak, dados bendahara niku mpun awrat kok malah dipun utus pados kuitansi fiktif. Kula mboten saged nglampahi , pak ! Panjenengan pasrahaken kaliyan bagian TU kemawon ingkang ngrancang kegiatan menika. Oo inggih Pak kula kesupen, rumiyin njenengan nate nyuwun arta kula kangge mundhut ban mobil dines kaliyan servis kuitansinipiun inggih dereng pamjenengan paringaken “
“ Oh ya aku lali ketokake tak simpen ana laciku ya wis sesuk-swsuk tak golekane “ Karo ngendika ngono Pak Sugiharto banjur ninggalalake aku terus mlebu nyang ruang kerjane.
Sapungkure Pak Sugiharto aku banjur thenger-thenger mikirake tugasku sing abot lan ndadekake sirahku mumet. Kadhang-kadhang aku rumangsa anggonku mergawe iki ora ana sing bener lan slenca karo kareping atiku. Apamaneh yen ngilingi tugasku minangka bendaharawan, aku rumangsa kebak dosa. Nanging kabeh mau kepeksa tak lakoni merga kepepet.
Awit sajujur-sajure dadi bendaharawan kantor iku sithik okeh mesthi korupsi. Apa maneh yen nyangkut bab SPJ, rata-rata olehe nggawe SPJ dhengkulan. Anggaran kang wis direncanakake kaya-kaya dilaksanake nanging okeh sing di “mark up ‘ dadi pametune dhuwit ora cocok karo kegiatan kang dilaksanakake.
Contone okeh, nanging sing paling gampang yaiku Surat Perintah Perjalanan Dinas kang disingkat SPPD. Yaiku sawijining surat kang isine mrentahake sawijining pegawai utawa pejabat supaya nekani sawijining kegiatan ing panggonan tertamtu. Nanging prakteke okeh sing fiktif. Sing penting SPPD kasebut ditandhatangani sawijining pejabat tertamtu kang ditekani. Contone yen pejabat kabupaten mara nyang kantor kecamatan tujuane ya mung njaluk tanda tangan thok. Sing penting wis entuk stempel kecamatan. Bubar kuwi terus mulih nyang kantor maneh diwenehake nyang bendahara terus entuk ijol minangka gantine beya transportasi. Kang temtune luwih gedhe tinimbang beya transportasi sakbenere.
Nanging rasa kuwatir tetep ngganjel ing batinku. Awit minangka bendaharawan aku tetep ora bisa uwal saka tanggung jawab. Awit nalika aku melu pelatihan bendaharawan, tutor kang menehi pelatihan nate nerangake yen tanggung jawab bendaharawan iki iku tanggung jawab pribadi dudu tangung jawab institusi. Dadi yen ana penyimpangan, sing dadi penangungjawab ya bendharawan dhewe dudu tanggungjawabe atasane langsung.
Mula yen kelingan bab iku pikiranku sakala bingung. Merga SPJ sing tak tata iki kabeh asil kebikajaksaan pimpinan, dudu asil rekayasaku dhewe.Mula nalika ana pemeriksaan, sewengi aku ora bisa turu. Merga aku ngerti SPJ sing bakal tak pertanggungjawabake iki okeh sing dhengkulan.
Nanging apa sing tak kuwatirake iki tibake ora dadi kasunyatan. Awit nalika bawasda nganakake pemeriksaan ing instansiku, tim pemeriksa ora nemokake bukti-bukti anane penyimpangan. Rampung pemeriksaan pikiranku dadi lega. Nanging isih ana pitakonan kang isih ngganjel ing atiku. Apa bener kabeh mau merga olehku nggawe SPJ wis sampurna utawa apa merga tim pemeriksa diamplopi dening pimpinanku ??
( Kiriman : Rusdi Chaerudin Desa Kabongan kidul RT.05 RW IV Kecamatan Rembang Kabupaten Rembang Jawa Tengah )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar